Nuwun para kanca,
Nganggo ngoko bae kareben kepenak. Iki nyoba dhisik. Mbuh sesuk-sesuk nulis apa durung ngerti, soale wektu iki durung ana ide. Sing cetha, pepenginan nulis nganggo basa Jawa saiki oleh papan sing mirunggan. Saupama Panjebar Semangat, Djaka Lodang, utawa Jaya Baya wis online, seje maneh critane. Nanging ya ora papa. Iki wis apik. Kanthi blog iki aku lan sapa bae bisa nulis apa bae. Rak ya ngono ta?
Salam saka Iowa City
Kulonuwun, Mas Margono.
Kawulo nderek nepangaken, nami kawulo pun Ira.
Kaleresan wonten piyantun KoKi ingkang paring kabar bilih wonten blog puniko.
Leres pangandikanipun Jeng Mamik Phuket, raosipun mak cles ngangeni mawi boso Jawi.
Kepareng , kawulo sowan sanes wegdal.
Salam taklim,
ira