Feeds:
Posts
Comments

Archive for February, 2008

(Kapacak ing Panjebar Semangat No. 32 lan 33, 2003)
AKU rumangsa begja dene oleh kalodhangan sing mirunggan maca geguritan ing Amerika. Nalika iku dina Kamis tanggal 24 Oktober 2002. Program Studi Asia Tenggara Ohio University sing manggon ana ing kutha cilik Athens, Negara Bagian Ohio, nganakake adicara “Malam Puisi Asia Tenggara” utawa Southeast Asian Poetry Night. [...]

Read Full Post »

WONG JAWA

(Katulis watara siji setengah tumeka rong tahun kepungkur)
DAK wiwiti saka jeneng. What is in a name? Mangkono unine ukara sing banget populer kang cinipta dening William Shakespeare, sawijining pujangga Inggris ing abad kaping 16. Nanging kanggone wong Jawa, jeneng (utawa aran utawa tetenger) kuwi penting banget. Coba kita semak jenenge wong Jawa iki: R. Sosrokusumo, [...]

Read Full Post »

(Kapacak ing Panjebar Semangat No. 20 lan No. 21, 2004)(I)
WIS samesthine publik sastra Jawa modern rumangsa bungah yen ana buku anyar kang terbit. Ing babagan buku kumpulan cerkak, ing tahun 2003 ana siji maneh buku penting kang terbit, yakuwi Manjing Daging: Kumpulan Crita Cerkak dening Ariesta Widya. Pentinge buku iki paling ora magepokan karo [...]

Read Full Post »

(Kapacak ing Panjebar Semangat No. 10, 11, 12, lan 13, 2005)
1
Pambuka
SASTRA Jawa (modern) lagi ‘kewahyon.’ Lagi bae penulis rampung ngrembug novel Chandikala Kapuranta (Sugiarta Sriwibawa, 2002) ing PS No. 39-41, 2004, kanthi pangajab amrih sawise novel iki banjur ana novel basa Jawa sing kandel, lha kok mak brol, panyuwun iki keturutan. Ora ngenteni ganti [...]

Read Full Post »