(Kapacak ing Panjebar Semangat No. 20 lan No. 21, 2004)(I)
WIS samesthine publik sastra Jawa modern rumangsa bungah yen ana buku anyar kang terbit. Ing babagan buku kumpulan cerkak, ing tahun 2003 ana siji maneh buku penting kang terbit, yakuwi Manjing Daging: Kumpulan Crita Cerkak dening Ariesta Widya. Pentinge buku iki paling ora magepokan karo rong perkara. Sepisan, kayadene Trem-e Suparto Brata (2001), Manjing Daging ya nuduhake “sejarahe” Ariesta Widya anggone ngrungkebi sastra Jawa. Cerkak pambuka, “Manjing Daging,” sing mesisan dadi sesirahe buku iki katulis ing tahun 1958 lan cerkak paling anyar, “Dalan Pilihan,” katulis ing tahun 1988. Perkara “kurun” wektu iki ana gesehe sithik karo pangiringe penerbit sing nyebutake yen cerkak-cerkak ing buku iki katulis ing antarane taun 1961 lan 1986. Nanging bab gesehing katrangan wektu iki dudu perkara kang wigati; perkara lumrah bae. Kapindhone, magepokan karo kualitas cerkak-cerkake. Minangka karyane pengarang senior sing isih tetep setya nulis, cerkak-cerkak kang kaimpun ing buku iki—miturut penulis—klebu golonganing cerkak-cerkak sing wajib diwaca dening sutresna sastra Jawa modern. Penulis yakin, para sutresna senior saangkatane pengarang iki mesthine wis maca saperangan cerkak-cerkak kang kaimpun ing buku iki. Nanging, kanggone sutresna sing isih enom-enom mbokmanawa ya lagi bisa mrangguli sapa ta sejatine Ariesta Widya minangka sastrawan Jawa ya ing buku iki, klebu penulis dhewe. Sanadyan mangkono, penulis rumangsa perlu urun rembug ngengingi cerkak-cerkak ing buku iki lan mbokmanawa 20 cerkak kang kaemot ing buku iki bisa “merefleksikan” Ariesta Widya sawutuhe minangka pengarang crita cekak.
Nyemak cerkak-cerkake Ariesta Widya kang kaimpun ing buku iki, bab-bab kang perlu dirembug ing antarane: pengarange, setting papan lan wektu, “permasalahan” utawa subject matter-e, lan uga pesen-pesen kang bisa kita prangguli ing 20 cerkak iku sacara umum.
(1) Pengarange
Bisa dikandhakake ora ana bab-bab anyar ngengingi pengarang senior iki sing bisa penulis aturake. Dojosantosa ing bukune Taman Sastrawan (1990:70-71) wis akeh paring katrangan marang kita. Asma asline Ariesta Widya kuwi Agustinus Mulyono Widyatama. Panjenengane iki saliyane nulis ing basa Jawa uga nulis ing basa Indonesia. Banjur, saliyane nulis cerkak ya nulis geguritan lan novel. Malah geguritane kadhang kala ya isih “muncul” ing rubrik “Sang Pamomong” ing koran Suara Merdeka, Semarang. Ariesta Widya wiwit nulis taun 1957, dadi saangkatan karo Suparto Brata, Muryalelana, M. Suroso WR, Liamsi (Ismail) lan sapanunggalane (keterangan lengkap bisa diwaos ing bukune Dojosantosa kasebut).
Sanadyan wis akeh karyane Ariesta Widya, penulis ya lagi saiki iki maca cerkak-cerkake kang kaimpun ing buku. Dojosantosa mratelakake yen karya-karyane Ariesta Widya sumimpen rapi ana ing lemarine. Yen saiki wis terbit bukune Manjing Daging, ateges ing wektu-wektu kang bakal teka kita bisa ngarep-arep terbite buku liyane. Mesthine isih akeh cerkak utawa geguritan kang sumimpen ing lemarine kuwi mau.
Kaya Suparto Brata, Ariesta Widya ya wis meh setengah abad “berkarya,” sanadyan ing babagan produktivitas—kaya sing diandharake dening Dojosantosa—panjenengane ora produktif banget. Nanging ora ateges “eksistensi” kepengarangane ora penting. Kepara suwalike. Lan perkara produktivitas iki ing sastra Jawa modern pancen beda-beda ing antarane pengarang siji lan sijine. Malah ana pengarang sing mung nulis sawatara geguritan lan wis ora nulis maneh ing basa Jawa uga wis oleh pakurmatan “dibaptis” minangka sastrawan Jawa. Contone, sawatara pengarang sing geguritane kaimpun ing Kabar Saka Bendhulmrisi (Kumpulan Geguritan) (Suharmono Kasiyun, ed. 2001), sawijining buku kumpulan geguritan kang kawetokake dening Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya. Tegese, sastra Jawa modern kuwi “fleksibel,” bisa menehi papan marang sapa bae, mbuh sawijining pengarang kuwi produktif banget, biasa-biasa, apa ora produktif babar pisan. Sing cetha, pengarang angkatane Ariesta Widya lan Suparto Brata sing isih tetep ‘berkarya’ wis ora akeh ing dinane iki. Diwawas saka bab ‘kurun’ wektu olehe ‘berkarya,’ kita perlu caos pakurmatan sing mirunggan.
(2) Setting papan
Banget narik kawigaten dene 20 cerkak ing Manjing Daging nduweni telung setting papan kang beda, yakuwi Maluku, Tomohon (Sulawesi Utara), lan Jawa. Cerkak-cerkak mawa setting papan ing Maluku ana wolu cacahe, wiwit saka “Manjing Daging,” “Tempuling,” “Kole-kole Sore,” “Ing Antaraning Ombak-ombak,” “Nantang Karang,” “Maju Pitu,” “Wurung,” lan “Pandhan Alas.” Dene cerkak “Dalan Pilihan” setting papane ing Tomohon, Sulawesi Utara. Dene sewelas cerkak liyane njupuk setting papan Jawa, yakuwi “Setoran,” “Rambutan Gadhing,” “Ketiban Urak,” “Tuntut Gedhang,” “Pentil Duren,” “Abote Sesanggan,” “Ing Antaraning Swara Mesin,” “Gudel Gemaru,” “Blimbing Wuluh,” “Kalah Awu,” lan “Kembang Bangah.”
Jawa, minangka setting papan dumadine crita, penulis kira ora perlu dirembug maneh. Lumrah sastra Jawa kuwi setting papane ya ing Jawa. Karomaneh, sasuwene iki, sastra Jawa kuwi ya nyritakake bab-bab kang magepokan karo Jawa, ya manungsane ya kabudayane ya papane. Saumpama ana uga setting papan ing sanjabaning Jawa, tetep bae para paragane akeh-akehe ya wong Jawa. Conto paling anyar yakuwi crita sambung (yen diterbitake dadi buku banjur kasebut novel) Kembang Pasadena dening Tony Ismaya lan Bingung dening FC Pam, sing loro-lorone wis rampung kapacak ing Panjebar Semangat. Magepokan karo cerkak-cerkake Ariesta Widya, sing perlu dirembug setting papan dumadine crita ing Maluku—utamane—lan Tomohon.
Ing cerkak-cerkake Ariesta Widya kang dumadi ing Maluku lan Sulawesi Utara, kabeh paragane ya “penduduk setempat.” Bab iki nuwuhake pitakon: Apa jan-jane “napas” cerkak-cerkak kasebut ya “napas” Jawa apa Maluku lan Sulawesi Utara? Arep digolongake sastra Jawa nyatane sing dirembug urip lan panguripan lan kabudayan Maluku lan Sulawesi Utara. Ora disebut sastra Jawa ning nyatane ditulis ing basa Jawa lan dening pengarang Jawa. Utawa, apa perkara sebutan iki ora penting sebab sastra apa bae jan-jane ngengingi perkara manungsa lan kamanungsan?
Sanadyan penulis duwe pitakon kang kaya mangkono, ing pungkasan penulis tetep ngrasakake yen ing cerkak-cerkak kasebut pancen ana “napas” Jawane sing kenthel. Ing kene Ariesta Widya pantes oleh pangalembana sing mirunggan amarga panjenengane kasil “mentransfer” kabudayan Maluku utamane marang kabudayan Jawa; utawa suwalike, “mentransfer” kabudayan Jawa mring kabudayan Maluku. Tegese, ruh utawa sukmane cerkak-cerkak iki pancen ruh lan sukma Jawa. Kanyatan iki dumadi mbokmanawa amarga Ariesta Widya banget olehe manjing ajur-ajer marang bebrayan lan kabudayan Maluku nalika panjenengane lenggah ing kana. “Transfer” kabudayan iki bisa diprangguli saka, umpamane, sebutan kekerabatan kayata “kang,” “lik,” lan “mbok.” Sebutan kekerabatan kang kaya mangkene iki mung wong Jawa sing nganggo, dudu wong Maluku. Nanging ing cerkak-cerkak kanthi setting Maluku, kanggo nggambarake sesambunganing paraga siji lan sijine Ariesta Widya ya migunakake sebutan-sebutan iki. Conto liyane, para paraga sing duwe “status sosial” luwih cendhek utawa asor ya nganggo basa krama yen wawan rembug karo paraga sing dianggep status sosiale luwih dhuwur. Ing kanyatan urip saben dinane, mesthine wong-wong Maluku lan Sulawesi Utara ora bakal migunakake basa krama utawa krama inggil kuwi mau. Ya mung wong Jawa sing darbe undha-usuk sing njlimet ing bab basa sanadyan ing basa apa bae tetep ana tembung-tembung kang nuduhake pakurmatan marang liyan.
Sing cetha, saka crita-crita kang dumadi ing Maluku kita oleh akeh katrangan ngengingi manungsa lan kabudayan Maluku, kayata: kahanan panguripan ing jaman nalika crita-crita kasebut ditulis, apa sing dadi ‘makanan utama,’ apa penggaweyane ‘penduduk setempat,’ lan mesthi bae tembung-tembung tartamtu sing digunakake ing basa ‘setempat’ lan liya-liyane. Penulis kira informasi kaya ngene iki ing crita cekak—utawa ing fiksi sacara umum—bisa luwih ‘jujur’ tinimbang ‘berita’ ing media massa—sing asring ‘sensasional’—utawa tinimbang ‘berita resmi’ pamarentah sing akeh-akehe mung nyorot bab-bab utawa kahanan sing apik.
(3) Setting wektu
Rong puluh cerkak ing Manjing Daging diurutake sacara kronologis, wiwit sing katulis luwih dhisik tumeka sing keri dhewe, kajaba cerkak “Dalan Pilihan” sing katulis ing tahun 1988 dadi cerkak nomer sanga. Yen nitik saka “kurun” wektu kang lawase 30 taun—kaya sing penulis aturake ing dhuwur wiwit saka cerkak “Manjing Daging” sing ditulis ing taun 1958 nganti “Dalan Pilihan” sing ditulis taun 1988—mesthine akeh owah-owahan kang dumadi ing bebrayan. Wektu kang suwene samono mau mesthine ngemot owah-gingsiring kahanan utawa kanyatan. Nanging pranyata ing cerkak-cerkak mau owah-owahan iku ora akeh. Pehak penerbit, Mascom Media, Semarang, ing “Atur Sapala” mratelakake, “Crita cekak-crita cekak Ariesta Widya iki bisa diwaca mligi minangka crita sing ngemu bab thek kliwering manungsa. Nanging, crita iki uga bisa dianggep “dokumen sosial” bab obah osiking jaman. Jaman sing kaya-kaya ora owah kanggone wong cilik – wong-wong kang kesrakat” (kaca v). Penulis sarujuk karo apa sing dipratelakake dening pehak penerbit yen kanggone wong cilik pancen urip ing jaman apa bae kaya ora ana owah-owahan kang wigati, kang tegese ora ana owah-owahan kang tumuju marang kahanan kang luwih becik. Ing kene ana “paradoks.” Cerkak-cerkak kang ditulis suwene 30 taun iki dianggep mujudake “dokumen sosial” bab obah osiking jaman—tegese pancen ana akeh owah-owahan. Nanging, pranyata jaman utawa wektu kang terus lumaku iki ora ana bedane kanggo saperangan bebrayan, utamane para warga masyarakat kang uripe kesrakat.
Aja maneh ing Maluku sing adoh saka “pusat,” sedheng ing tanah Jawa dhewe wong Jawa tumeka wektu saiki ya isih tetep akeh sing sekeng (bab iki bakal penulis rembug kanthi mligi ing perangan “permasalahan” utawa subject matter ing ngisor). Bab iki bisa ditegesi yen kanggone Ariesta Widya, “wektu” utawa “jaman” kaya-kaya mandheg; sebab saka rong puluh crita cekak sing ana, saperangan gedhe nuduhake swasana sing ajeg lan padha. Mung saperangan cilik sing beda, kayata crita cekak “Ing Antaraning Swara Mesin,” “Kalah Awu,” lan “Dalan Pilihan.” Ora Maluku ora Jawa, wiwit kemerdekaan nganti teka saiki, bisa diwaca yen kanggone Ariesta Widya, negara iki mujudake potret burem. Emane, kahanan kang burem kuwi mau tetep durung katon trontong-trontonge olehe arep dadi saya cetha, kang tegese kahanan bakal dadi luwih apik. Iki sing penulis karepake yen “wektu” utawa “jaman” kaya-kaya mandheg. Pancen ana owah-owahan ing “kana.” Nanging ing “kene,” kahanan padha bae, “setali tiga uang.” “Kana” ngemu teges wong-wong kang tansah owah gingsir manut ombyaking jaman lan tansah kepenak uripe, dene “kene” wong-wong sing tansah kesrakat lan rekasa kuwi mau. Lan kahanan “kana” kuwi ora dadi “minat”-e Ariesta Widya kanggo ngrakit crita-crita cekake.
(II)
(4) “Permasalahan” utawa subject matter
“Permasalahan” utawa subject matter sing dadi landhesaning Ariesta Widya kanggo mbangun critane dudu perkara-perkara gedhe kang ‘sensasional,’ nanging perkara-perkara urip saben dinane. Perkara urip lan panguripan iku bae dudu perkarane wong-wong gedhe sing kepenak uripe nanging perkarane wong-wong cilik sing tansah rekasa sanadyan wis nyambut gawe abot kanthi toh nyawa.
Utamane crita-crita kanthi setting papan Pulo Kei, Maluku Kidul Wetan, kita bisa mrangguli yen kepengin terus urip, manungsa kudu wani mati. Iki dudu sanepa utawa paribasan, nanging kanyatan wenteh. Ing papan panggonan kang ora subur lemahe lan ora bisa ditanduri maneka warna tetuwuhan ‘bahan makan,’ uripe saperangan gedhe kulawarga gumantung marang segara sing sawayah-wayah bisa bae malih dadi ‘pembunuh’ sing wengis. Crita-crita kanthi sesirah “Tempuling,” “Kole-kole Sore,” Ing Antaraning Ombak-ombak,” lan “Nantang Karang” menehi gegambaran saiba rekasane penduduk Maluku supaya bisa terus urip ana ing alam donya iki.
Crita kapisan, “Manjing Daging,” nggambarake abote dadi guru ana ing Maluku wektu semana (crita iki ditulis ing taun 1958). Ing sawijining sekolah, para guru ora bisa nyambut gawe kanthi ajeg mlebu saben dinane amarga kudu golek pangan kanggo kulawargane. Gaji sing dijagakake ora bisa ditampa saben sasi, nanging paling cepet telung sasi sepisan. “Nantang Karang,” saliyane crita bab adu nasib nyegur segara uga crita bab tetanen ing lemah cengkar. Mangkono uga crita cekak “Maju Pitu,” crita bab tetanen. Ing crita loro iki, paraga utamane sing wis rekasa nggarap lemahe, ing pungkasan asile sing ora sepiraa malah dimeliki lan dicolong dening liyan. Sabanjure, “Wurung” nyritakake adrenging atine Botbot, sawijining nom-noman, anggone arep “balas dendam” marang wong sing merjaya bapake, nanging ing pungkasan dheweke mundur ora sida nindakake apa sing dadi rencanane. Lan ing cerkak “Pandhan Alas,” sepisan maneh Ariesta Widya mbabar kanyatan rekasane urip ing tanah Maluku.
Kajaba saka iku, cerkak-cerkak saka Maluku lan Tomohon linandhesan napas Kristiani. Mula ing crita-crita iki akeh istilah-istilah sing dijupuk saka agama Katholik. Bab iki penulis kira dudu amarga Ariesta Widya ngrasuk Kristen, nanging amarga ‘penduduk setempat’ pancen akeh sing ngrasuk Kristen. Lan miturut penulis, Ariesta Widya pancen ora crita bab agama, nanging bab urip lan panguripan, bab kamanungsan. Yen bab iki penulis gayutake karo apa sing dipratelakake dening swargi Prof. Suripan kayane ana empere amarga panjenengane ing antarane nulis, “Sepanjang penelitian saya atas pertumbuhan dan perkembangan kesusastraan Jawa modern saya tidak pernah menjumpai pengarang yang betul-betul meniupkan nafas agama Kristen di dalam karya sastra Jawa” (Telaah Kesusastraan Jawa Modern, 1975: 80). (Sanadyan mangkono, statement utawa andharan iki perlu panaliti sing luwih mligi kanggo mbuktekake apa pancen mangkono apa ora). Ing crita-crita kanthi setting Jawa (sing bakal penulis andharake ing perangan ngisor), Ariesta Widya ya wasis crita bab bebrayan kang saperangan gedhe anggotane ngrasuk Muslim. Iki ngemu teges yen ana bab-bab kang magepokan karo agama ing cerkak-cerkake, iku mung kanggo background crita. Bab kang mangkene iki ya nuduhake yen Ariesta Widya—kaya sing wis penulis aturake ing dhuwur—bisa manjing ajur-ajer karo bebrayan ing ngendi bae panjenengane lenggah. Pengarang banget anggone nyecep kanyatan urip ing papan-papan kang dadi setting cerkak-cerkake.
Sabanjure, saperangan gedhe cerkak-cerkak kanthi setting Jawa ya ora beda saka cerkak-cerkak Maluku. Cerkak “Setoran” sing katulis ing taun 1971 tumeka cerkak “Kembang Bangah,” katulis ing taun 1986, uga nyritakake lelakoning para pawongan sing klebu kesrakat ing bebrayan Jawa kang “modern.” Mung ana crita loro kang dibangun kanthi “permasalahan” utawa subject matter kang beda, yakuwi “Ing Antaraning Swara Mesin” kang nyritakake sawijining mucikari kang macak priyayi lan omongane dhuwur lan “Kalah Awu” kang crita ngengingi talining katresnan ing antaraning wanita keturunan Tionghoa lan priya Jawa. Dene kabeh crita liyane ana gegayutane karo bab rekasaning manungsa olehe arep nyukupi kabutuhaning ngaurip sing baku ing saben dinane.
“Setoran,” umpamane, nyritakake abote para warga anggone mbayar pajek lan setoran rabuk amarga panen sing wurung. Kamangka, kanggone para kadang tani, sing dijagakake kanggo nyukupi kabutuhan kuwi ya mung asil panen. Yen panenan wurung, tegese kabeh rancangan lan kabutuhan dadi cabar. Kanyatan iki padha karo yen ing Maluku para among mina tradisional ora oleh iwak babar pisan. Rekasane para rakyat cilik iki dadi trawaca banget ing crita “Abote Sesanggan.” Coba kita semak “paragraf” pambuka iki, “Pikirane puteg nalika bojone kandha yen anggone njupuk blanjan warunge Mak Kaji Makruf wis numpuk. Anggone buruh macul wis dijaluk dhisik. Dadi bubar macul wis ora nampa dhuwite. Pancen selawase iki uripe gumantung marang doran. Mula yen awake dhong lara ya lelakon iki bisane njupuk barang warungan sing tundhone ora krasa dadi numpuk” (Ariesta Widya 2003: 108). Lan cerkak-cerkak liyane ya ngandhut gegambaran-gegambaran kang kaya mangkene.
Ana uga rekasaning manungsa kuwi amarga nuruti karepe anak, utawa amarga “anak polah bapa kepradhah.” Cerkak “Kembang Bangah” nyritakake bab iki. Karmidi kelangan lemahe sing dadi sumbering urip merga ditangisi Munawar anake sing kepengin sepeda motor. Lembah banjur didol kanggo nuruti anak. Ing pungkasan Karmidi uripe saya rekasa. Dene ing cerkak “Tuntut Gedhang,” Tasrip ditinggal bojone, Marsiyah, menyang kutha merga arep golek penggaweyan. Marsiyah kuciwa merga Tasrip ora bisa nyukupi butuhe. Babaring lelakon Tasrip ngerti yen bojone dadi wanita palanyahan. Lan cerkak-cerkak liyane ya ora ana sing nggambarake panguripan sing mapan.
Ing crita-crita kanthi setting Maluku apadene Jawa, bisa dikandhakake yen Ariesta Widya ‘menampilkan kenyataan’ kanthi apa anane. Kanyatan yen ing negara iki, wiwit jaman dhisik tumeka saiki, tetep akeh warga sing uripe kedhungsangan ana sangisoring garis kemiskinan. Kajaba saka kuwi, crita-crita cekak ing Manjing Daging iki saya nguwatake ‘hipotesis’ yen sastra Jawa modern kuwi sastra ‘ndesa’ dudu sastra ‘kutha’ (apa bener mangkono mesthine perlu panaliten kang mligi).
(5) Pesen-pesen
Ngrembug bab pesen ing cerkak-cerkak kang kaemot ing Manjing Daging, kaya-kaya ora ana pesen langsung kang terang trawaca saka pengarange. Amarga Ariesta Widya luwih nengenake mbabar kanyatan kanthi apa anane, mula pesen-pesen ing cerkak-cerkak kasebut kudu kita goleki dhewe ana ing saben paraga dalah lelakon uripe.
Kanthi mangkono crita-crita cekak iki bisa ‘banyak bicara,’ gumantung saka ngendi kita arep ndeleng; utawa, gumantung marang pengalaman kita pribadi. Kanggone para maos sing lair lan urip ing kutha, upamane, bisa bae cerkak-cerkak kang kaemot ing Manjing Daging iki bakal ‘gawe kesel’ diwaca. Sebabe apa, amarga ing cerkak-cerkak iki ora ana action sing ‘sensasional’; ora ana ‘kejutan-kejutan’ sing ngontang-antingake rasa-pangrasa, meh ora ana happy ending kang ndadekake kita njerit seneng lan marem. Kaya sing wis penulis aturake ing dhuwur, crita-crita iki minangka potret burem kanyatan bebrayan kita. Suwalike, mbokmanawa kanggone para maos sing lair ing desa lan tau ngrasakake pait-getiring urip, crita-crita iki bisa nuwuhake ‘nostalgia’ kang gawe nglangute ati amarga jaman semana kang rekasa (lan mbokmanawa saiki isih tetep rekasa) ‘direkam’ dening Ariesta Widya ing cerkak-cerkake.
Sing uga perlu oleh cathethan ing kene yakuwi para paraga kang rata-rata kesrakat. Kita bakal mrangguli yen ana sawenehing manungsa kang tumindak nerak wewaler iku amarga kepeksa, amarga ora ana pilihan liya. Sanadyan diwawas saka norma-norma bebrayan utawa saka ukum-ukum agama, tumindak kang culika kuwi mau tetep salah lan dosa, diwawas saka kamanungsan kita dadi angel olehe arep ‘memvonis.’ Ariesta Widya dhewe ya ora duwe ‘tendensi menghakimi.’ Gampange kandha, kabeh paraga dijarke sapari-polahe dhewe-dhewe.
Ing cerkak-cerkak kanthi setting Maluku, banget narik kawigaten yen para paraga kang rata-rata sekeng kuwi tetep ora nglirwakake kuwajiban marang Sing Gawe Urip. Tegese, mbuh kepriyea bae kahanan kang dialami, ngibadah kuwi tetep penting. Cerkak “Manjing Daging” mujudake conto sing cetha. Kanggone Pak Rahaded, paraga utamane, rasa syukur marang Pangeran ora mung ana ing atine, nanging ya manjing ing daging utawa ragane; sanadyan kanyatan urip saben dinane tansah rekasa. Lan cerkak-cerkak liyane kanthi setting Maluku ya akeh kang magepokan karo perkara iki.
Suwalike, ing cerkak-cerkak kanthi setting papan Jawa, Ariesta Widya ora akeh ngrembug sesambungan ing antarane manungsa lan Kang Akarya Jagad. Dadi perkara nindakake ibadah utawa prentahing agama ora akeh kasenggol. Sanadyan mangkono, ora ateges ora ana pesen-pesen kang bisa kita prangguli ing cerkak-cerkak golongan iki. Sacara umum, ing cerkak-cerkak iki kita bisa mrangguli pesen yen jer uriping manungsa ngono mung saderma. Kaya ngapa manungsa ngupaya supaya urip dadi luwih apik lan kepenak, nanging manungsa tetep ora bisa uwal saka nasib utawa takdir. Wong-wong ndesa sing dadi paraga cerkak-cerkak iki nyambut gawe abot saben dinane nanging ya tetep bae rekasa.
Rong puluh crita cekak iki sacara umum menehi gegambaran saiba watake manungsa iku pancen beda-beda: ana sing atine apik, ana sing culika, ana sing wengis, ana sing perwira lan sak panunggalane. Ana maneh sing nekad nerak aturan utawa wewaler. Miturut ukum agama lan negara tumindak kang kaya mangkono mau dosa utawa salah, nanging saka peri kamanungsan, mbokmanawa ora gampang anggon kita mbiji. Contone, Karel Ohoilulin lan David Kanarubun nyolong sagune Guru Luis Materbongs (ing cerkak “Maju Pitu”) amarga kepeksa: yen ora nyolong sagu kulawargane ora bisa mangan. Ing “Pandhan Alas,” Bapake Talaut lan Esomar nyolong solar ing Gudhang Solar uga amarga kepeksa. Wong-wong kesrakat iki kaya-kaya ora darbe pilihan liya kajaba nindakake bab kuwi. Banjur, ing crita-crita saka Jawa, kita uga bisa mrangguli Marsiyah (“Tuntut Gedhang”) kang kepeksa ninggal Tasrip, bojone, lan dadi wanita palanyahan amarga mlarat. Yen uripe cukup, mesthine Marsiyah ora bakal nindakake penggaweyan kang kaya mangkono. Banjur ing cerkak “Setoran,” kita bisa mrangguli yen lurah (ing kene bisa diwaca minangka ‘pemimpin’) kuwi tegel marang rakyate sing uripe rekasa. Perkara iki kaya-kaya ora mung dumadi ing wektu-wektu kawuri nanging ya isih ana bae ing wektu saiki.
Cekake, amarga akeh-akehe cerkake Ariesta Widya iki bisa digolongake mring cerkak-cerkak ‘realisme,’ dadi ‘pembaca’ malah nduweni ‘kebebasan’ anggone arep mawas. Ariesta Widya ora melu ‘njegur’ ing cerkak-cerkak mau, dadi sing bisa kita waca yakuwi gegambaraning manungsa lan uripe ing sadhengah papan ing wektu-wektu tartamtu. Cerkak-cerkak kang mangkene iki beda saka, umpamane, cerkak-cerkake Ardhini Pangastuti BN kang kaimpun ing Nalika Srengenge Durung Angslup (1996), sing kaya-kaya pengarange tansah ‘tercermin’ saka sadhengah paragane. Malah kadhang angel banget mbedakake sing duwe pikiran ngene utawa ngono kuwi jan-jane para paragane apa pengarange dhewe.
(6) Penutup
Eman dene ing Manjing Daging iki cerkak paling anyar ditulis ing taun 1988. Iki nuwuhake pitakon apa sawise taun kasebut Ariesta Widya ya isih akeh nyipta cerkak apa ora. Yen pancen isih akeh cerkak sawise taun kasebut tumeka saiki, kita bisa luwih wutuh anggon kita ‘memahami’ pamikiran-pamikiran utawa wawasan-wawasane Ariesta Widya ing babagan bebrayan liwat cerkak-cerkake.
Sanadyan mangkono, buku iki—miturut penulis—bisa dadi bukti penting ‘kesastrawan’-ane Ariesta Widya. Siji-sijining kekurangane buku iki mbokmanawa—mung mbokmanawa dadi durung mesthi—angel diwaca dening para ‘pembaca’ sing isih remaja amarga basa Jawa sing digunakake isih basa Jawa sing resik, tegese durung utawa ora ‘terkontaminasi’ dening tembung-tembung saka basa liya, apa basa Indonesia utawa basa asing. Nanging kanggone ‘pembaca senior,’ mbokmanawa kekurangan iki malah bisa dianggep dadi salah sawijining kaluwihane. Nuwun.
Pucang Gading, Maret 2004