(Katulis watara siji setengah tumeka rong tahun kepungkur)
DAK wiwiti saka jeneng. What is in a name? Mangkono unine ukara sing banget populer kang cinipta dening William Shakespeare, sawijining pujangga Inggris ing abad kaping 16. Nanging kanggone wong Jawa, jeneng (utawa aran utawa tetenger) kuwi penting banget. Coba kita semak jenenge wong Jawa iki: R. Sosrokusumo, Kromodimejo, Parto Kimpul, Tunggak, Lasinem, Alesandro, Gerarld, Lusi. Lucy. Endi jeneng sing paling njawani?
Diwawas saka tradisi, kita kabeh mengerteni yen ana pawongan duwe jeneng nganggo R. ana ing ngarepe, kuwi wis mesthi mambu-mambu ‘darah biru.’ Ewadene saiki ana sing tuku R. utawa oleh R. saka kraton, iki wis beda maneh. Kromodimejo, Singodimejo lan sapanunggalane, iki mesthi wong desa sing klebu kajen keringan. Dene Parto Kimpul, kuwi wong desa tani utun. Lha, Lasinem ya nuduhake yen sing duwe jeneng sak kelas karo Parto Kimpul. Dene Alesandro, iki jenenge wong Jawa modern sing bapake paling ora seneng bal-balan (jeneng iki ana tenan, ora mung ethok-ethoke penulis. Merga kesengsem karo pemain bal-balan saka Italia, Alesandro Del Piero, si bapak mau njenengake anake lanang nganggo Alesandro. Sing angel dimangerteni, kelas sosiale ana ngendi, bocah kutha apa bocah ndesa, amarga ndesa utawa kutha wis ora akeh bedane ing jaman saiki). Sabanjure, Gerald iki ya jenenge wong Jawa tenan, sing laire ana kutha lan wong tuwane mambu pendidikan sing (rada) dhuwur. Njur Lusi, Lucy? Kita ya mangerteni yen jeneng-jeneng iki duweke wong kutha. Nanging, anake tanggaku ing desa kluthuk ana sing dijenengake Lisa Sari Dewi. Apa ora oleh? Ora ana sing nglarang.
Apa sing bisa kita semak saka jeneng-jenenge wong Jawa ing jaman modern saiki? Pranyata glasnost lan perestroika, utawa ‘keterbukaan’, modernisasi, utawa westernisasi, ora mung ana ing tataran pembangunan fisik apa dene gaya hidup. Jenenge wong Jawa ya wis ngalami owah-owahan gedhe. Yen ing dhuwur penulis ngaturake yen sacara tradisional kita bisa mangerteni ing ngendi papane saweneh wong Jawa ing bebrayan iku saka jenenge, ing jaman modern iki wis angel banget kita ngerti kanthi pratitis ngengingi sesambungan ing antarane jeneng lan kelas sosial. Pitakon sing narik kawigaten, apa tegese ing bebrayan Jawa wis ora ana kelas-kelas sosial?
Ah, mbokmanawa ora nganti tekan semono ‘implikasi’ jenenge wong Jawa saiki. Bisa bae bab jeneng iki ora perlu kita gagas jero-jero nemen utawa serius-serius banget. Santai bae. Toh njenengake anak kuwi dadi hak prerogatif-e wong tuwane (ing kene pancen prerogatif murni, ora nganggo ‘tarik-menarik’ karo parpol pendhukung apadene koalisi). Sanadyan bapa lan biyunge wong Jawa tulen, ora ana saru sikune yen anake dijenengake Gerald utawa Alesandro utawa Lucy lan sak piturute. Dadi kanggone wong Jawa, ora mung sesrawungan, gaya hidup lan barang-barang sing dikonsumsi sing wis owah, nanging uga jeneng.
Diwawas saka perkara kabudayan, bab jenenge wong Jawa iki pancen nandhakake yen kabudayan Jawa pancen wis owah. Jeneng-jeneng Tukinem, Pariyem, Gembrot, Thukul lan sak panunggalane saiki wis ditutup, mung kari nostalgia. Yen kebeneran kita mlaku-mlaku menyang ndesa, coba diematkae sing tenan, sapa bae jenenge bocah-bocah ndesa. Ora ana bedane saka jenenge bocah-bocah kutha. Bab iki ngemu teges, yen perkara-perkara kang asipat tradisional pancen wis akeh sing ngemohi. Akeh wong Jawa sing malah sengaja ‘menghindar’ saka perkara-perkara tradisional. Modernitas wis dadi ‘panglima’ utawa ‘ideologi.’ Urip cara sing ana ing televisi, jeneng sing kaya ana ing televisi, nyandhang nganggo kaya sing ana ing televisi saiki wis dadi ukuran lan pathokan.
Kanthi anane owah-owahan sing kaya mangkene iki, banjur ana uga pitakon penting sing bisa kita ajokake: njur apa bedane wong Jawa saka wong liyane? Ing tanah Jawa dhewe pitakon iki ora gampang anggon kita mangsuli. Ing pasrawungan, wis luwih akeh wong Jawa sing migunakake basa Indonesia utawa basa manca, dudu basa Jawa. Apa maneh wacane. Ing nyandhang nganggo ora ana bedane bocah-bocah Semarang saka bocah-bocah Amerika, umpamane. Yen kita gatekake, bocah-bocah wadon saiki, para remaja putri, akeh sing nyandhang nganggo kanthi ‘pakaian yang belum jadi’, tegese ing kana kene bolong lan ngatonake perangan-perangan awake. Apa iki sing jenenge mode modern? Panganan sing dipangan ya dudu pecel utawa lodeh utawa klepon utawa gemblong, nanging wis awujud hamburger, cheeseburger, fried chicken. Ngombene ya soft drink, dudu dhawet utawa wedang teh gula Jawa utawa gula aren.
Pitakon siji maneh sing ana: apa kabeh iki mau ora apik? Iki dudu perkara apik utawa elek, iki perkara urip lan panguripan, perkara ombyaking jaman, perkara kabudayan. Tegese, kabeh iki ya kudu kita tampa kanthi legawa (sanadyan ya ana ketar-ketire). Ben bae saben pawongan duwe selera dhewe-dhewe, ing babagan apa bae. Urip ing Indonesia ing alam demokratis kaya saiki-iki pancen menehi pilihan marang saben wong. Sing seneng mangan fried chicken ya ben, sing isih seneng pecel ya mangga, sing kepengin duwe jeneng Robert utawa Hansky ya apik-apik bae, sing isih duwe jeneng Sarino ya ora ana eleke. Sing seneng wayang ya ben nonton wayang, sing mathuk karo musik rock mangga kersa.
Nah, kanthi kanyatan iki, kita wong Jawa mligine lan wong Indonesia umume kudu ngaturake panuwun marang Hyang Widhi dene kita bisa ‘merdeka’ sawutuhe sajroning nemtokake dalan urip kita sowang-sowang. Kekurangan sing ana, yakuwi kanyatan yen kita sacara ekonomis isih megar-mingkus, perkara keamanan warga isih nguwatirake, perkara korupsi isih durung ana mendhane, ya ben dipikir sing kawogan. Presiden kita lan wakile anyar, wakil kita ing Lembaga Legislatif anyar. Ya para panjenengane kuwi sing kita arep-arep dandan-dandan, ndadekake samubarang supaya luwih apik lan becik. Wong kita wis menehi mandhat kanggo panjenengane kabeh. Kita rakyat ayo mbantu sak bisane, sak kuwate. Sing penting kanggo kita, ayo kita nikmati alam lan suasana modern lan demokratis iki kanthi mujudake ancas tujuan kita sowang-sowang. Panjenengan kabeh arep ngapa, mangga kersa. Bebas, merdeka. Sing penting ora gawe sangga-runggine wong liya lan bebrayan, ora gawe rekasa lan cilakane liyan. Panjenengan kabeh arep ngganti jeneng kanthi jeneng Amerika utawa Landa utawa Jepang, ora ana eleke. Panjenengan arep nganggo klambi ‘durung dadi’ apa apa wis dadi mung kari nari kanthonge dhewe-dhewe. Panjenengan arep mangan pecel lan ngombe dhawet apa milih nyamikan beefburger lan ngombe soft drink kabeh ya sumadhiya. Iki enake wong Jawa jaman saiki.
Liding crita, kabeh ing Jawa pancen wis owah. Sing durung owah (lan ora bakal owah?) yakuwi kanyatan yen kita tetep wong Jawa. Arepa pangan sandhang utawa jeneng wis dudu asli Jawa, dak kira kita tetep wong Jawa angger, sepisan maneh, angger kita ora ninggal suba-sita lan trapsila Jawa. Conto paling gampang: yen mlaku ing ngarepe wong tuwa ya amit-amit. Sing penting meneh, kita ya perlu nduweni isin. (Akeh lho wong sing saiki iki ora duwe isin). Yen pranyata conto loro paling gampang iki ing kanyatan urip padinan angel, mula ayo padha sinau maneh dadi wong Jawa. Lan mesthi bae akeh perkara liya kang ndadekake kita tetep wong Jawa. Mbokmanawa aku lan panjenengan kabeh duwe ukuran sing beda, ayo kita goleki dhewe-dhewe kepriye ta sejatine dadi wong Jawa kuwi. Utawa, apa wis ora penting maneh dadi wong Jawa apa dudu? Eit, aja … aja darbe pamikiran kang kaya mangkono. Kepriyea bae, kita tetep wong Jawa. Harak ora salah ta aku? Ning panjenengan aja takon aku mangkene lho, “Kok jenengke sapa anak-anakmu? Kok ajari basa apa anak-anakmu?” Utawa, yen panjenengan pancen ngoyak aku kanthi pitakon kang kaya mangkono, wangsulanku: anak-anakku ya tetep wong Jawa.*