(Kapacak ing Panjebar Semangat No. 32 lan 33, 2003)
AKU rumangsa begja dene oleh kalodhangan sing mirunggan maca geguritan ing Amerika. Nalika iku dina Kamis tanggal 24 Oktober 2002. Program Studi Asia Tenggara Ohio University sing manggon ana ing kutha cilik Athens, Negara Bagian Ohio, nganakake adicara “Malam Puisi Asia Tenggara” utawa Southeast Asian Poetry Night. Adicara iku banget dak tunggu-tunggu. Kegiatan rutin pendhak dina cetha wis gawe kesel, embuh kuwi kuliah, ngajar Bahasa Indonesia, utawa seminar-seminar. Nanging kegiatan maca puisi? Ya mung setahun sepisan kuwi. Mula aku tansah ngantu-antu acara kuwi ngiras pantes kena kanggo selingan. Setahun sadurunge, sasi Oktober 2001, aku maca puisi “Sajak Orang Kepanasan” karyane Rendra. Nanging ing tahun 2002, dak niyati maca geguritan utawa puisi Jawa gagrag anyar.
Sanadyan “mung” acara santai, aku tetep nganakake persiapan sing temenan. Sing sepisanan, aku kudu milih geguritan cacah loro amarga jatah wektu kanggoku mung sepuluh menit. Sepuluh menit iku wae didum wong loro merga sijine maca jarwane ing basa Inggris. Bab milih geguritan iki ora gampang, amarga aku mrangguli akeh banget geguritan ing perpustakaan Universitas. Meh kabeh geguritan anggitane para panggurit Jawa kontemporer ana. Antologi geguritan apadene cerkak pancen kepara komplit. Sawise maca-maca lan milih-milih sajroning meh sewulan (rasane kaya ana ngomah wae amarga kabeh mahasiswa padha sibuk maca buku basa Inggris dene aku nggulet buku-buku basa Jawa), aku oleh geguritan loro, karyane panggurit saka Kebumen, Turiyo Ragilputra, yakuwi “Pawarta Tiwase Paman Dengkek,” (Panjebar Semangat No. 52, 26 Desember 1992) lan “Ironi Kamardikan” (Pagagan No. 39, 1999). Miturut pamawasku, geguritan loro iki, saliyane ora cekak-cekak banget, bisa makili panjeriting masyarakat Jawa kelas bawah utamane apadene Indonesia umume, sadurunge apadene sawise gerakan reformasi. Mesthi bae isih akeh geguritan liya karyane panggurit liya sing pantes diwaca ing forum internasional kaya ing adicara kuwi, nanging ya kuwi mau, wektu kang winates ndadekake aku kudu nemtokake pilihan. Kang kapindho, ing babagan maca umpamane, sanadyan aku dudu penyair utawa panggurit lan dudu “pembaca puisi” profesional, aku ya kudu latihan supaya ora ngisin-isini. Apa maneh ana salah sawijining mahasiswa Amerika sing seneng ngrungokake yen aku omong Jawa sanadyan dheweke ora mudheng. Persiapan liyane, aku kudu njarwakake geguritan loro kasebut mring basa Inggris. Lha ing kene aku rumangsa kangelan lan butuh wektu suwe. Mula jarwanku adoh saka estetis, sing penting pesen panggurite ora ilang (matur nuwun dhumateng Raka Mas Turiyo ingkang sampun paring idin dhumateng kula kangge njarwakaken geguritan-geguritan anggitanipun dhateng basa Inggris). Nanging aku rumangsa begja dene ana kanca saka Amerika, sedulur Riley Brett Noel, sing wis suka biyantu ngoreksi jarwanku. Panuwun uga katur marang para profesor kayata Dr. Gene Ammarell, profesor Antropologi ing Departemen Antropologi Ohio University, Dr. Richard McGinn, profesor Linguistik ing Departemen Linguistik Ohio University lan Dr. Harry Aveling, profesor Sastra—Asia Tenggara utamane—saka La Trobe University ing Australia sing wis kersa maos lan paring koreksi marang geguritan-geguritan mau ing versi basa Inggrise. Kanthi kajarwakake mring basa Inggris, para kadang saka negara-negara Asia Tenggara liyane apadene saka Amerika dhewe bisa mangerteni surasane geguritan-geguritan mau. Kanthi mangkono, kaajab puisi lan geguritan sing padha diwaca ana ing adicara mau bisaa dadi sarana dialog antar bangsa. Ing tataran iki, Program Studi Asia Tenggara Ohio University pantes oleh pangalembana. Dialog budaya kaya ngene iki penting banget kanggo ngedhemake pikiran amarga ing sadhengah papan tansah ana ontran-ontran, klebu ing Asia Tenggara dhewe.
Jam nenem sore hawa musim gugur ing Athens jan krasa atis tenan. Kamangka musim dingin isih suwe maneh tekane. Aku kelingan, ing tahun 2001, acara maca puisi kang kaya mangkene sing rencanane arep dianakake ing njaba (ing amphitheatre Universitas) banjur diusung mlebu. Semono uga acara ing tahun 2002. Gedhong sing digunakake cilik wae, kapel utawa greja cilik, Galbreath Chapel, ing tengah-tengah kompleks Universitas. Sing padha arep maca puisi utawa sing arep nonton akeh, luwih akeh tinimbang ing tahun sadurunge. Jam setengah pitu panitia ngacarani mlebu gedhong amarga adicara arep enggal diwiwiti. Banjur kabeh lampu dipateni, diganti urubing lilin. Swasana anteng nanging sing padha teka katon sumringah. Racake kabeh sing teka “pecinta” puisi, sanadyan amatiran, sing pancen pengin nglalekake perkuliahan ora ketang amung sedhela. Sanadyan adicara mau kasebut “Malam Puisi Asia Tenggara,” peserta sing melu maca puisi ora mung saka negara-negara Asia Tenggara, nanging uga saka Korea, China, lan Jepang. Dene para mahasiswa saka Amerika dhewe maca terjemahane puisi-puisi mau.
Cekaking crita, acara mau sukses. Siji mbaka siji wakiling negara-negara Asia Tenggara ditambah Korea, China, lan Jepang, padha maju munggah panggung maca puisi tradisional utawa modern. Malah ana sing nembang barang. Indonesia nduweni wakil loro sing maca. Penulis dhewe maca geguritan, kaya sing wis tak aturake ing dhuwur, dene Dr. Harry Aveling, sing pancen wis puluhan tahun tresna marang Sastra Indonesia, maos salah sijining puisine Sutarji C. Bahri. Nalika penulis rampung maca geguritan loro kasebut ing dhuwur, penulis krasa marem. Sing padha nonton ya seneng; dudu amarga cara macane utawa swarane penulis sing apik, nanging geguritane pancen cundhuk lawan kondisi utawa kahanan ing tanah air—wiwit ndhisik tumeka saiki (kanggo para kadang sing durung maos “Pawarta Tiwase Paman Dengkek” lan “Ironi Kamardikan,” utawa wis lali, tak aturi maos maneh).
Rampung maca puisi, acara diterusake resepsi sak anane. Panitia mung nyepakake omben-omben soft drink lan banyu, dene saperangan peserta ana sing nggawa jajan gaweyane dhewe. Sinambi ngombe lan ngrahapi jajan sing ana, para peserta banjur diskusi, takon-tinakon bab sastra ing negara Asia Tenggara. Gandheng kabeh dudu ahli sastra, diskusi ya mung apa anane. Ananging, bab iki ora ndadekake diskusi kurang gayeng. Malah kepara gayeng temenan. Aku dhewe nampa akeh pitakon saka kanca-kanca saka Thailand, Malaysia, Kamboja, apadene kanca saka Amerika bab sastra Jawa kontemporer. Pitakon-pitakon mau tak rasakake penting banget. Racake ora ana sing pitakon ngengingi sastra Jawa klasik utawa gagrag lawas. Bab iki ora aneh amarga wis akeh karya terjemahan sastra Jawa klasik ing basa Inggris, dadi akeh peserta sing sithik akeh ya maca sastra Jawa klasik. Wayang purwa uga ora ana sing takon amarga ing Program Studi Asia Tenggara Ohio University, wayang purwa dadi mata kuliah sing penting sing setahun sepisan diparingake marang para mahasiswa. Wayang purwa dadi perangane kuliah Kesusastraan Tradisional Asia Tenggara. Hebate, sing mulang ya profesor Amerika, Dr. Richard McGinn, sing wengi kuwi maos puisi telu cacahe saka Filipina ing basa Tagalog. Bab iki ya ora aneh amarga buku-buku bab wayang purwa ing basa Inggris akeh banget. Saliyane kuwi, Profesor McGinn ya wis tau tindak Malang rada suwe lan seneng mirsani pagelaran wayang purwa ing alun-alun Malang.
Bali marang pitakon-pitakon ngengingi sastra Jawa kontemporer. Sing padha ditakokake dening para kanca saka negara liya ing antarane: sapa wae sing nulis sastra Jawa kontemporer, profesine apa, isine kepriye, ing tanah Jawa dhewe akeh sing maca apa ora, kawigatene pamarentah kepriye lan sak panunggalane. Olehku mangsuli gampang-gampang angel. Yen dijlentrehake kabeh, tegese mbedhah sastra Jawa kontemporer nganti tuntas amarga ya kabeh kuwi mau perkara-perkara gedhe tumraping sastra Jawa. Mula olehku mangsuli ya ora bisa dawa-dawa, mung adhedhasar apa sing tak ngerteni. Bab pitakon-pitakon iki mau, aku duwe pamawas akeh sarjana sing luwih pirsa lan luwih wenang maringi andharan. Jan-jane ya wis akeh buku sing ditulis ngengingi perkara-perkara sing ditakokake mau. Nanging emane, isih sithik banget informasi ngengingi sastra Jawa kontemporer sing ditulis ing basa Inggris, nek ora kena diarani durung ana. Bukune Profesor George Quinn, umpamane, The Novel in Javanese, cetha yen mung ngonceki bab novel. Iku wae durung ana karya tahun 1980-an tumeka saiki sing ditliti. Mula sing padha teka ing adicara Southeast Asian Poetry Night padha takon kuwi mau.
Wangsulanku dhewe, sastra Jawa kontemporer akeh-akehe ditulis dening para guru, mbuh guru SD, SMP, SMU apadene dosen. Ana maneh wartawan lan uga pangreh praja. Dadi nulis sastra Jawa kuwi mung samben. Sing mligi nulis sastra Jawa minangka profesi utama kok kaya-kaya ora ana. Sing cetha, akeh sing ndhisik sengkud nulis basa Jawa, saiki babar blas ora nulis amarga nulis sastra Jawa ora ana dhuwite. Sing setya nulis sastra Jawa puluhan tahun langka. Racake, akeh sing banjur nulis ing basa Indonesia amarga secara ekonomis luwih njanjekake. Isine sastra Jawa isih luwih akeh ngengingi padesan lan uripe wong ndesa. Mula akeh sing mastani yen sastra Jawa kuwi sastra ndesa. Pitakon bab ing tanah Jawa dhewe akeh sing maca apa ora, iki meh kabeh wong bisa aweh wangsulan. Aku ya blaka yen nasibe sastra Jawa kuwi ngenes ing tanah kelahirane dhewe. Cacahe wong Jawa kuwi ora mung puluhan yuta, nanging mbokmanawa atusan yuta, nanging sing maca sastra Jawa mbokmanawa ora ana wong satus ewu. Aku pancen ora nduweni data statistik sing gumathok, nanging saka kanyatan sing ana kok pangiraku ora akeh mlesede. Wangsulan bab kawigatene pamarentah marang sastra Jawa kontemporer, iki ya mrihatinake. Apa maneh pamarentah Indonesia saiki lagi sibuk “ngurus” perkara sing “gedhe-gedhe,” dadi perkara sastra durung kepetung penting. Sing terus dumadi, akeh pejabat pamarentah sing tansah angrujuk sastra klasik yen pidato nanging ora ana siji wae sing nyenggol sastra kontemporer.
Arepa kaya ngapa rupa lan wujude sastra Jawa kontemporer, kanggoku pribadi maca geguritan ing Amerika ing antarane para mahasiswa saka maneka warna bangsa kuwi nuwuhake rasa bombong lan mongkog. Bombong lan mongkog jalaran sastra Jawa kontemporer kuwi ya pantes, malah luwih saka pantes “ditampilkan” ing forum internasional. Sanadyan forum Southeast Asian Poetry Night kuwi dudu forum kanggo penyair, forum mau wis mujudake forum tahunan kang mesthi. Pendhak sasi Oktober mesthi ana acara mau. Aku nduweni greget maca geguritan ora amarga aku pengin ngatonake “kejawaanku,” babar pisan ora, nanging kepengin nuduhake marang sapa wae yen wong Jawa isih nduweni kasusastran. Akeh sing mastani yen R. Ng. Ranggawarsita kuwi pujangga pamungkas, nanging aku ora sarujuk. Jaman kang beda nuwuhake pujangga kang beda. Ing jaman saiki pancen ora ana kang sinebut pujangga, nanging penyair utawa panggurit. Ya para penyair lan panggurit mau kena diarani pujangga jaman saiki, sanadyan ora kabeh. Saka bab isi utawa content, wis mesthi yen geguritan luwih kontekstual (luwih trep karo ombyaking jaman saiki) tinimbang puisi-puisi jaman mbiyen. Mula, ing pamawasku, sastra Jawa kontemporer kudu luwih digatekake (diwaca, dibedhah, diregani lan sak panunggalane). Ora ateges sastra Jawa klasik ora penting maneh. Tetep penting, nanging saka wawasan sosiologis apadene kultural, sastra Jawa kontemporer kaya-kaya luwih maedahi utawa mumpangati tumrap bebrayan Jawa saiki iki. Ateges ing tataran iki, sastra Jawa kontemporer mbutuhake kritik sing sak akeh-akehe. Karo maneh, akehing kritik tumrap sastra Jawa kontemporer bakal bisa ngimbangi kritik tumrap sastra klasik. (Lomba esai cerkak kang dianakake dening Panjebar Semangat dadi conto sing pantes tinuladha. Muga-muga ana—kepara akeh—lembaga utawa institusi sing nyusul).
Gagasan liya sing tuwuh sawise acara Malam Puisi Asia Tenggara mau yakuwi saiba pentinge upaya njarwakake sastra daerah (ora mung sastra Jawa nanging uga sastra daerah liyane) mring basa Inggris. Yen kita kepengin sastra Jawa kontemporer dikenal dening wong manca negara, jarwan ing basa Inggris kuwi kudu, ora kena ora. Sak ngertiku (nyuwun pangapura yen aku salah), durung ana sastra Jawa kontemporer sing dijarwakake mring basa Inggris. Paling ora, olehku dhudhah-dhudhah perpustakaan Ohio University ora nemokake edisi utawa versi sastra Jawa kontemporer ing basa Inggris. Kamangka, sak ngertiku uga, buku apa wae sing kacetak ing Indonesia bakal dadi koleksine perpustakaan universitas. Bab iki uga ngemu teges, saiki iki sastra Jawa kontemporer wis sumimpen rapet kanggo salawase ana ing perpustakaan universitas-universitas ing Amerika (tak kira uga ing Eropa lan Australia), nanging emane isih ing basa Jawa kabeh. Mesthi wae mahasiswa sing kepengin naliti sastra Jawa kontemporer bakal kangelan yen ora ana versi basa Inggrise. Mula iki dadi sawijining “tantangan” tumrap para ahli sastra Jawa. Nek sastra Jawa kontemporer angel olehe arep “go national” amarga pamarentah ora nggape, amarga wong Jawa dhewe puluhan yuta sing ora suthik, iki ana kalodhangan “go international” waton ana jarwane ing basa Inggris. Mangga sapa sing kersa miwiti. Iki kalodhangan sing becik banget. Sapa bae mesthi bakal sarujuk karo aku yen akeh karya sastra Jawa kontemporer sing pantes “ditampilkan ke tingkat dunia.”
Iki mau kabeh sapletik gagasan utawa uneg-uneg sawise aku melu ngramekake acara Southeast Asian Poerty Night kang dipandhegani dening Program Studi Asia Tenggara Ohio University. Sanadyan wis rada kasep (acara dianakake ing sasi Oktober 2002 lan aku lagi kober nulis saiki), tak anggep cathethan ini penting. Muga-muga bisaa kanggo urun rembug amrih murih luwih regenge sastra Jawa. Pangajab liya, muga-muga para panggurit, penulis cerkak lan liya-liyane uga tansaya sengkud olehe makarya amarga saben tulisan kang kasil kacetak dadi buku bakal nganglang jagad. Sanadyan wong Jawa dhewe mbokmanawa ora gelem nyimpen buku-buku sastra Jawa ing lemari bukune, akeh wong manca sing wis sumadya nyimpen. Cethane, kabeh karya ora ana sing tanpa guna. Yen saiki durung kabedhah, ing tembe karya-karya mau bakal “kairis-iris nganggo pisau analisis,” dionceki lan digoleki isine. Nuwun.***
Pucang Gading, Juni 2003