(Kapacak ing Panjebar Semangat No. 32 lan 33, 2003)
AKU rumangsa begja dene oleh kalodhangan sing mirunggan maca geguritan ing Amerika. Nalika iku dina Kamis tanggal 24 Oktober 2002. Program Studi Asia Tenggara Ohio University sing manggon ana ing kutha cilik Athens, Negara Bagian Ohio, nganakake adicara “Malam Puisi Asia Tenggara” utawa Southeast Asian Poetry Night. [...]
Archive for the ‘Uncategorized’ Category
MACA GEGURITAN ING AMERIKA
Posted in Uncategorized on February 7, 2008 | Leave a Comment »
WONG JAWA
Posted in Uncategorized on February 6, 2008 | Leave a Comment »
(Katulis watara siji setengah tumeka rong tahun kepungkur)
DAK wiwiti saka jeneng. What is in a name? Mangkono unine ukara sing banget populer kang cinipta dening William Shakespeare, sawijining pujangga Inggris ing abad kaping 16. Nanging kanggone wong Jawa, jeneng (utawa aran utawa tetenger) kuwi penting banget. Coba kita semak jenenge wong Jawa iki: R. Sosrokusumo, [...]
NYEMAK CERKAK-CERKAKE ARIESTA WIDYA
Posted in Uncategorized on February 5, 2008 | Leave a Comment »
(Kapacak ing Panjebar Semangat No. 20 lan No. 21, 2004)(I)
WIS samesthine publik sastra Jawa modern rumangsa bungah yen ana buku anyar kang terbit. Ing babagan buku kumpulan cerkak, ing tahun 2003 ana siji maneh buku penting kang terbit, yakuwi Manjing Daging: Kumpulan Crita Cerkak dening Ariesta Widya. Pentinge buku iki paling ora magepokan karo [...]
DONYANE WONG CULIKA, KITA LAN ‘BEBAN SEJARAH’
Posted in Uncategorized on February 5, 2008 | 1 Comment »
(Kapacak ing Panjebar Semangat No. 10, 11, 12, lan 13, 2005)
1
Pambuka
SASTRA Jawa (modern) lagi ‘kewahyon.’ Lagi bae penulis rampung ngrembug novel Chandikala Kapuranta (Sugiarta Sriwibawa, 2002) ing PS No. 39-41, 2004, kanthi pangajab amrih sawise novel iki banjur ana novel basa Jawa sing kandel, lha kok mak brol, panyuwun iki keturutan. Ora ngenteni ganti [...]
Salam saka Iowa City
Posted in Uncategorized on January 9, 2008 | 1 Comment »
Nuwun para kanca,
Nganggo ngoko bae kareben kepenak. Iki nyoba dhisik. Mbuh sesuk-sesuk nulis apa durung ngerti, soale wektu iki durung ana ide. Sing cetha, pepenginan nulis nganggo basa Jawa saiki oleh papan sing mirunggan. Saupama Panjebar Semangat, Djaka Lodang, utawa Jaya Baya wis online, seje maneh critane. Nanging ya ora papa. Iki wis apik. Kanthi [...]
Hello world!
Posted in Uncategorized on January 9, 2008 | 2 Comments »
Welcome to WordPress.com. This is your first post. Edit or delete it and start blogging!