MACA GEGURITAN ING AMERIKA

(Kapacak ing Panjebar Semangat No. 32 lan 33, 2003)

AKU rumangsa begja dene oleh kalodhangan sing mirunggan maca geguritan ing Amerika. Nalika iku dina Kamis tanggal 24 Oktober 2002. Program Studi Asia Tenggara Ohio University sing manggon ana ing kutha cilik Athens, Negara Bagian Ohio, nganakake adicara “Malam Puisi Asia Tenggara” utawa Southeast Asian Poetry Night. Adicara iku banget dak tunggu-tunggu. Kegiatan rutin pendhak dina cetha wis gawe kesel, embuh kuwi kuliah, ngajar Bahasa Indonesia, utawa seminar-seminar. Nanging kegiatan maca puisi? Ya mung setahun sepisan kuwi. Mula aku tansah ngantu-antu acara kuwi ngiras pantes kena kanggo selingan. Setahun sadurunge, sasi Oktober 2001, aku maca puisi “Sajak Orang Kepanasan” karyane Rendra. Nanging ing tahun 2002, dak niyati maca geguritan utawa puisi Jawa gagrag anyar.

            Sanadyan “mung” acara santai, aku tetep nganakake persiapan sing temenan. Sing sepisanan, aku kudu milih geguritan cacah loro amarga jatah wektu kanggoku mung sepuluh menit. Sepuluh menit iku wae didum wong loro merga sijine maca jarwane ing basa Inggris. Bab milih geguritan iki ora gampang, amarga aku mrangguli akeh banget geguritan ing perpustakaan Universitas. Meh kabeh geguritan anggitane para panggurit Jawa kontemporer ana. Antologi geguritan apadene cerkak pancen kepara komplit. Sawise maca-maca lan milih-milih sajroning meh sewulan (rasane kaya ana ngomah wae amarga kabeh mahasiswa padha sibuk maca buku basa Inggris dene aku nggulet buku-buku basa Jawa), aku oleh geguritan loro, karyane panggurit saka Kebumen, Turiyo Ragilputra, yakuwi “Pawarta Tiwase Paman Dengkek,” (Panjebar Semangat No. 52, 26 Desember 1992) lan “Ironi Kamardikan” (Pagagan No. 39, 1999). Miturut pamawasku, geguritan loro iki, saliyane ora cekak-cekak banget, bisa makili panjeriting masyarakat Jawa kelas bawah utamane apadene Indonesia umume, sadurunge apadene sawise gerakan reformasi. Mesthi bae isih akeh geguritan liya karyane panggurit liya sing pantes diwaca ing forum internasional kaya ing adicara kuwi, nanging ya kuwi mau, wektu kang winates ndadekake aku kudu nemtokake pilihan. Kang kapindho, ing babagan maca umpamane, sanadyan aku dudu penyair utawa panggurit lan dudu “pembaca puisi” profesional, aku ya kudu latihan supaya ora ngisin-isini. Apa maneh ana salah sawijining mahasiswa Amerika sing seneng ngrungokake yen aku omong Jawa sanadyan dheweke ora mudheng.  Persiapan liyane, aku kudu njarwakake geguritan loro kasebut mring basa Inggris. Lha ing kene aku rumangsa kangelan lan butuh wektu suwe. Mula jarwanku adoh saka estetis, sing penting pesen panggurite ora ilang (matur nuwun dhumateng Raka Mas Turiyo ingkang sampun paring idin dhumateng kula kangge njarwakaken geguritan-geguritan anggitanipun dhateng basa Inggris). Nanging aku rumangsa begja dene ana kanca saka Amerika, sedulur Riley Brett Noel, sing wis suka biyantu ngoreksi jarwanku. Panuwun uga katur marang para profesor kayata Dr. Gene Ammarell, profesor Antropologi ing Departemen Antropologi Ohio University, Dr. Richard McGinn, profesor Linguistik ing Departemen Linguistik Ohio University lan Dr. Harry Aveling, profesor Sastra—Asia Tenggara utamane—saka La Trobe University ing Australia sing wis kersa maos lan paring koreksi marang geguritan-geguritan mau ing versi basa Inggrise. Kanthi kajarwakake mring basa Inggris, para kadang saka negara-negara Asia Tenggara liyane apadene saka Amerika dhewe bisa mangerteni surasane geguritan-geguritan mau. Kanthi mangkono, kaajab puisi lan geguritan sing padha diwaca ana ing adicara mau bisaa dadi sarana dialog antar bangsa. Ing tataran iki, Program Studi Asia Tenggara Ohio University pantes oleh pangalembana. Dialog budaya kaya ngene iki penting banget kanggo ngedhemake pikiran amarga ing sadhengah papan tansah ana ontran-ontran, klebu ing Asia Tenggara dhewe.

            Jam nenem sore hawa musim gugur ing Athens jan krasa atis tenan. Kamangka musim dingin isih suwe maneh tekane. Aku kelingan, ing tahun 2001, acara maca puisi kang kaya mangkene sing rencanane arep dianakake ing njaba (ing amphitheatre Universitas) banjur diusung mlebu. Semono uga acara ing tahun 2002. Gedhong sing digunakake cilik wae, kapel utawa greja cilik, Galbreath Chapel, ing tengah-tengah kompleks Universitas. Sing padha arep maca puisi utawa sing arep nonton akeh, luwih akeh tinimbang ing tahun sadurunge. Jam setengah pitu panitia ngacarani mlebu gedhong amarga adicara arep enggal diwiwiti. Banjur kabeh lampu dipateni, diganti urubing lilin. Swasana anteng nanging sing padha teka katon sumringah. Racake kabeh sing teka “pecinta” puisi, sanadyan amatiran, sing pancen pengin nglalekake perkuliahan ora ketang amung sedhela. Sanadyan adicara mau kasebut “Malam Puisi Asia Tenggara,” peserta sing melu maca puisi ora mung saka negara-negara Asia Tenggara, nanging uga saka Korea, China, lan Jepang. Dene para mahasiswa saka Amerika dhewe maca terjemahane puisi-puisi mau.

            Cekaking crita, acara mau sukses. Siji mbaka siji wakiling negara-negara Asia Tenggara ditambah Korea, China, lan Jepang, padha maju munggah panggung maca puisi tradisional utawa modern. Malah ana sing nembang barang. Indonesia nduweni wakil loro sing maca. Penulis dhewe maca geguritan, kaya sing wis tak aturake ing dhuwur, dene Dr. Harry Aveling, sing pancen wis puluhan tahun tresna marang Sastra Indonesia, maos salah sijining puisine Sutarji C. Bahri. Nalika penulis rampung maca geguritan loro kasebut ing dhuwur, penulis krasa marem. Sing padha nonton ya seneng; dudu amarga cara macane utawa swarane penulis sing apik, nanging geguritane pancen cundhuk lawan kondisi utawa kahanan ing tanah air—wiwit ndhisik tumeka saiki (kanggo para kadang sing durung maos “Pawarta Tiwase Paman Dengkek” lan “Ironi Kamardikan,” utawa wis lali, tak aturi maos maneh).

            Rampung maca puisi, acara diterusake resepsi sak anane. Panitia mung nyepakake omben-omben soft drink lan banyu, dene saperangan peserta ana sing nggawa jajan gaweyane dhewe. Sinambi ngombe lan ngrahapi jajan sing ana, para peserta banjur diskusi, takon-tinakon bab sastra ing negara Asia Tenggara. Gandheng kabeh dudu ahli sastra, diskusi ya mung apa anane. Ananging, bab iki ora ndadekake diskusi kurang gayeng. Malah kepara gayeng temenan. Aku dhewe nampa akeh pitakon saka kanca-kanca saka Thailand, Malaysia, Kamboja, apadene kanca saka Amerika bab sastra Jawa kontemporer. Pitakon-pitakon mau tak rasakake penting banget. Racake ora ana sing pitakon ngengingi sastra Jawa klasik utawa gagrag lawas. Bab iki ora aneh amarga wis akeh karya terjemahan sastra Jawa klasik ing basa Inggris, dadi akeh peserta sing sithik akeh ya maca sastra Jawa klasik. Wayang purwa uga ora ana sing takon amarga ing Program Studi Asia Tenggara Ohio University, wayang purwa dadi mata kuliah sing penting sing setahun sepisan diparingake marang para mahasiswa. Wayang purwa dadi perangane kuliah Kesusastraan Tradisional Asia Tenggara. Hebate, sing mulang ya profesor Amerika, Dr. Richard McGinn, sing wengi kuwi maos puisi telu cacahe saka Filipina ing basa Tagalog. Bab iki ya ora aneh amarga buku-buku bab wayang purwa ing basa Inggris akeh banget. Saliyane kuwi, Profesor McGinn ya wis tau tindak Malang rada suwe lan seneng mirsani pagelaran wayang purwa ing alun-alun Malang.

            Bali marang pitakon-pitakon ngengingi sastra  Jawa kontemporer. Sing padha ditakokake dening para kanca saka negara liya ing antarane: sapa wae sing nulis sastra Jawa kontemporer, profesine apa, isine kepriye, ing tanah Jawa dhewe akeh sing maca apa ora, kawigatene pamarentah kepriye lan sak panunggalane. Olehku mangsuli gampang-gampang angel. Yen dijlentrehake kabeh, tegese mbedhah sastra Jawa kontemporer nganti tuntas amarga ya kabeh kuwi mau perkara-perkara gedhe tumraping sastra Jawa. Mula olehku mangsuli ya ora bisa dawa-dawa, mung adhedhasar apa sing tak ngerteni. Bab pitakon-pitakon iki mau, aku duwe pamawas akeh sarjana sing luwih pirsa lan luwih wenang maringi andharan. Jan-jane ya wis akeh buku sing ditulis ngengingi perkara-perkara sing ditakokake mau. Nanging emane, isih sithik banget informasi ngengingi sastra Jawa kontemporer sing ditulis ing basa Inggris, nek ora kena diarani durung ana. Bukune Profesor George Quinn, umpamane, The Novel in Javanese, cetha yen mung ngonceki bab novel. Iku wae durung ana karya tahun 1980-an tumeka saiki sing ditliti. Mula sing padha teka ing adicara Southeast Asian Poetry Night padha takon kuwi mau.

Wangsulanku dhewe, sastra Jawa kontemporer akeh-akehe ditulis dening para guru, mbuh guru SD, SMP, SMU apadene dosen. Ana maneh wartawan lan uga pangreh praja. Dadi nulis sastra Jawa kuwi mung samben. Sing mligi nulis sastra Jawa minangka profesi utama kok kaya-kaya ora ana. Sing cetha, akeh sing ndhisik sengkud nulis basa Jawa, saiki babar blas ora nulis amarga nulis sastra Jawa ora ana dhuwite. Sing setya nulis sastra Jawa puluhan tahun langka. Racake, akeh sing banjur nulis ing basa Indonesia amarga secara ekonomis luwih njanjekake. Isine sastra Jawa isih luwih akeh ngengingi padesan lan uripe wong ndesa. Mula akeh sing mastani yen sastra Jawa kuwi sastra ndesa. Pitakon bab ing tanah Jawa dhewe akeh sing maca apa ora, iki meh kabeh wong bisa aweh wangsulan. Aku ya blaka yen nasibe sastra Jawa kuwi ngenes ing tanah kelahirane dhewe. Cacahe wong Jawa kuwi ora mung puluhan yuta, nanging mbokmanawa atusan yuta, nanging sing maca sastra Jawa mbokmanawa ora ana wong satus ewu. Aku pancen ora nduweni data statistik sing gumathok, nanging saka kanyatan sing ana kok pangiraku ora akeh mlesede. Wangsulan bab kawigatene pamarentah marang sastra Jawa kontemporer, iki ya mrihatinake. Apa maneh pamarentah Indonesia saiki lagi sibuk “ngurus” perkara sing “gedhe-gedhe,” dadi perkara sastra durung kepetung penting. Sing terus dumadi, akeh pejabat pamarentah sing tansah angrujuk sastra klasik yen pidato nanging ora ana siji wae sing nyenggol sastra kontemporer.

            Arepa kaya ngapa rupa lan wujude sastra Jawa kontemporer, kanggoku pribadi maca geguritan ing Amerika ing antarane para mahasiswa saka maneka warna bangsa kuwi nuwuhake rasa bombong lan mongkog. Bombong lan mongkog jalaran sastra Jawa kontemporer kuwi ya pantes, malah luwih saka pantes “ditampilkan” ing forum internasional. Sanadyan forum Southeast Asian Poetry Night kuwi dudu forum kanggo penyair, forum mau wis mujudake forum tahunan kang mesthi. Pendhak sasi Oktober mesthi ana acara mau. Aku nduweni greget maca geguritan ora amarga aku pengin ngatonake “kejawaanku,” babar pisan ora, nanging kepengin nuduhake marang sapa wae yen wong Jawa isih nduweni kasusastran. Akeh sing mastani yen R. Ng. Ranggawarsita kuwi pujangga pamungkas, nanging aku ora sarujuk. Jaman kang beda nuwuhake pujangga kang beda. Ing jaman saiki pancen ora ana kang sinebut pujangga, nanging penyair utawa panggurit. Ya para penyair lan panggurit mau kena diarani pujangga jaman saiki, sanadyan ora kabeh. Saka bab isi utawa content, wis mesthi yen geguritan luwih kontekstual (luwih trep karo ombyaking jaman saiki) tinimbang puisi-puisi jaman mbiyen. Mula, ing pamawasku, sastra Jawa kontemporer kudu luwih digatekake (diwaca, dibedhah, diregani lan sak panunggalane). Ora ateges sastra Jawa klasik ora penting maneh. Tetep penting, nanging saka wawasan sosiologis apadene kultural, sastra Jawa kontemporer kaya-kaya luwih maedahi utawa mumpangati tumrap bebrayan Jawa saiki iki. Ateges ing tataran iki, sastra Jawa kontemporer mbutuhake kritik sing sak akeh-akehe. Karo maneh, akehing kritik tumrap sastra Jawa kontemporer bakal bisa ngimbangi kritik tumrap sastra klasik. (Lomba esai cerkak kang dianakake dening Panjebar Semangat dadi conto sing pantes tinuladha. Muga-muga ana—kepara akeh—lembaga utawa institusi sing nyusul).

            Gagasan liya sing tuwuh sawise acara Malam Puisi Asia Tenggara mau yakuwi saiba pentinge upaya njarwakake sastra daerah (ora mung sastra Jawa nanging uga sastra daerah liyane) mring basa Inggris. Yen kita kepengin sastra Jawa kontemporer dikenal dening wong manca negara, jarwan ing basa Inggris kuwi kudu, ora kena ora. Sak ngertiku (nyuwun pangapura yen aku salah), durung ana sastra Jawa kontemporer sing dijarwakake mring basa Inggris. Paling ora, olehku dhudhah-dhudhah perpustakaan Ohio University ora nemokake edisi utawa versi sastra Jawa kontemporer ing basa Inggris. Kamangka, sak ngertiku uga, buku apa wae sing kacetak ing Indonesia bakal dadi koleksine perpustakaan universitas. Bab iki uga ngemu teges, saiki iki sastra Jawa kontemporer wis sumimpen rapet kanggo salawase ana ing perpustakaan universitas-universitas ing Amerika (tak kira uga ing Eropa lan Australia), nanging emane isih ing basa Jawa kabeh. Mesthi wae mahasiswa sing kepengin naliti sastra Jawa kontemporer bakal kangelan yen ora ana versi basa Inggrise. Mula iki dadi sawijining “tantangan” tumrap para ahli sastra Jawa. Nek sastra Jawa kontemporer angel olehe arep “go national” amarga pamarentah ora nggape, amarga wong Jawa dhewe puluhan yuta sing ora suthik, iki ana kalodhangan “go international” waton ana jarwane ing basa Inggris. Mangga sapa sing kersa miwiti. Iki kalodhangan sing becik banget. Sapa bae mesthi bakal sarujuk karo aku yen akeh karya sastra Jawa kontemporer sing pantes  “ditampilkan ke tingkat dunia.”

            Iki mau kabeh sapletik gagasan utawa uneg-uneg sawise aku melu ngramekake acara Southeast Asian Poerty Night kang dipandhegani dening Program Studi Asia Tenggara Ohio University. Sanadyan wis rada kasep (acara dianakake ing sasi Oktober 2002 lan aku lagi kober nulis saiki), tak anggep cathethan ini penting. Muga-muga bisaa kanggo urun rembug amrih murih luwih regenge sastra Jawa. Pangajab liya, muga-muga para panggurit, penulis cerkak lan liya-liyane uga tansaya sengkud olehe makarya amarga saben tulisan kang kasil kacetak dadi buku bakal nganglang jagad. Sanadyan wong Jawa dhewe mbokmanawa ora gelem nyimpen buku-buku sastra Jawa ing lemari bukune, akeh wong manca sing wis sumadya nyimpen. Cethane, kabeh karya ora ana sing tanpa guna. Yen saiki durung kabedhah, ing tembe karya-karya mau bakal “kairis-iris nganggo pisau analisis,” dionceki lan digoleki isine. Nuwun.***

 

Pucang Gading, Juni 2003

           

WONG JAWA

(Katulis watara siji setengah tumeka rong tahun kepungkur)

DAK wiwiti saka jeneng. What is in a name? Mangkono unine ukara sing banget populer kang cinipta dening William Shakespeare, sawijining pujangga Inggris ing abad kaping 16. Nanging kanggone wong Jawa, jeneng (utawa aran utawa tetenger) kuwi penting banget. Coba kita semak jenenge wong Jawa iki: R. Sosrokusumo, Kromodimejo, Parto Kimpul, Tunggak, Lasinem, Alesandro, Gerarld, Lusi. Lucy. Endi jeneng sing paling njawani?

Diwawas saka tradisi, kita kabeh mengerteni yen ana pawongan duwe jeneng nganggo R. ana ing ngarepe, kuwi wis mesthi mambu-mambu ‘darah biru.’ Ewadene saiki ana sing tuku R. utawa oleh R. saka kraton, iki wis beda maneh. Kromodimejo, Singodimejo lan sapanunggalane, iki mesthi wong desa sing klebu kajen keringan. Dene Parto Kimpul, kuwi wong desa tani utun. Lha, Lasinem ya nuduhake yen sing duwe jeneng sak kelas karo Parto Kimpul. Dene Alesandro, iki jenenge wong Jawa modern sing bapake paling ora seneng bal-balan (jeneng iki ana tenan, ora mung ethok-ethoke penulis. Merga kesengsem karo pemain bal-balan saka Italia, Alesandro Del Piero, si bapak mau njenengake anake lanang nganggo Alesandro. Sing angel dimangerteni, kelas sosiale ana ngendi, bocah kutha apa bocah ndesa, amarga ndesa utawa kutha wis ora akeh bedane ing jaman saiki). Sabanjure, Gerald iki ya jenenge wong Jawa tenan, sing laire ana kutha lan wong tuwane mambu pendidikan sing (rada) dhuwur. Njur Lusi, Lucy? Kita ya mangerteni yen jeneng-jeneng iki duweke wong kutha. Nanging, anake tanggaku ing desa kluthuk ana sing dijenengake Lisa Sari Dewi. Apa ora oleh? Ora ana sing nglarang.

Apa sing bisa kita semak saka jeneng-jenenge wong Jawa ing jaman modern saiki? Pranyata glasnost lan perestroika, utawa ‘keterbukaan’, modernisasi, utawa westernisasi, ora mung ana ing tataran pembangunan fisik apa dene gaya hidup. Jenenge wong Jawa ya wis ngalami owah-owahan gedhe. Yen ing dhuwur penulis ngaturake yen sacara tradisional kita bisa mangerteni ing ngendi papane saweneh wong Jawa ing bebrayan iku saka jenenge, ing jaman modern iki wis angel banget kita ngerti kanthi pratitis ngengingi sesambungan ing antarane jeneng lan kelas sosial. Pitakon sing narik kawigaten, apa tegese ing bebrayan Jawa wis ora ana kelas-kelas sosial?

Ah, mbokmanawa ora nganti tekan semono ‘implikasi’ jenenge wong Jawa saiki. Bisa bae bab jeneng iki ora perlu kita gagas jero-jero nemen utawa serius-serius banget. Santai bae. Toh njenengake anak kuwi dadi hak prerogatif-e wong tuwane (ing kene pancen prerogatif murni, ora nganggo ‘tarik-menarik’ karo parpol pendhukung apadene koalisi). Sanadyan bapa lan biyunge wong Jawa tulen, ora ana saru sikune yen anake dijenengake Gerald utawa Alesandro utawa Lucy lan sak piturute. Dadi kanggone wong Jawa, ora mung sesrawungan, gaya hidup lan barang-barang sing dikonsumsi sing wis owah, nanging uga jeneng.

Diwawas saka perkara kabudayan, bab jenenge wong Jawa iki pancen nandhakake yen kabudayan Jawa pancen wis owah. Jeneng-jeneng Tukinem, Pariyem, Gembrot, Thukul lan sak panunggalane saiki wis ditutup, mung kari nostalgia. Yen kebeneran kita mlaku-mlaku menyang ndesa, coba diematkae sing tenan, sapa bae jenenge bocah-bocah ndesa. Ora ana bedane saka jenenge bocah-bocah kutha. Bab iki ngemu teges, yen perkara-perkara kang asipat tradisional pancen wis akeh sing ngemohi. Akeh wong Jawa sing malah sengaja ‘menghindar’ saka perkara-perkara tradisional. Modernitas wis dadi ‘panglima’ utawa ‘ideologi.’ Urip cara sing ana ing televisi, jeneng sing kaya ana ing televisi, nyandhang nganggo kaya sing ana ing televisi saiki wis dadi ukuran lan pathokan.

Kanthi anane owah-owahan sing kaya mangkene iki, banjur ana uga pitakon penting sing bisa kita ajokake: njur apa bedane wong Jawa saka wong liyane? Ing tanah Jawa dhewe pitakon iki ora gampang anggon kita mangsuli. Ing pasrawungan, wis luwih akeh wong Jawa sing migunakake basa Indonesia utawa basa manca, dudu basa Jawa. Apa maneh wacane. Ing nyandhang nganggo ora ana bedane bocah-bocah Semarang saka bocah-bocah Amerika, umpamane. Yen kita gatekake, bocah-bocah wadon saiki, para remaja putri, akeh sing nyandhang nganggo kanthi ‘pakaian yang belum jadi’, tegese ing kana kene bolong lan ngatonake perangan-perangan awake. Apa iki sing jenenge mode modern? Panganan sing dipangan ya dudu pecel utawa lodeh utawa klepon utawa gemblong, nanging wis awujud hamburger, cheeseburger, fried chicken. Ngombene ya soft drink, dudu dhawet utawa wedang teh gula Jawa utawa gula aren.

Pitakon siji maneh sing ana: apa kabeh iki mau ora apik? Iki dudu perkara apik utawa elek, iki perkara urip lan panguripan, perkara ombyaking jaman, perkara kabudayan. Tegese, kabeh iki ya kudu kita tampa kanthi legawa (sanadyan ya ana ketar-ketire). Ben bae saben pawongan duwe selera dhewe-dhewe, ing babagan apa bae. Urip ing Indonesia ing alam demokratis kaya saiki-iki pancen menehi pilihan marang saben wong. Sing seneng mangan fried chicken ya ben, sing isih seneng pecel ya mangga, sing kepengin duwe jeneng Robert utawa Hansky ya apik-apik bae, sing isih duwe jeneng Sarino ya ora ana eleke. Sing seneng wayang ya ben nonton wayang, sing mathuk karo musik rock mangga kersa.

Nah, kanthi kanyatan iki, kita wong Jawa mligine lan wong Indonesia umume kudu ngaturake panuwun marang Hyang Widhi dene kita bisa ‘merdeka’ sawutuhe sajroning nemtokake dalan urip kita sowang-sowang. Kekurangan sing ana, yakuwi kanyatan yen kita sacara ekonomis isih megar-mingkus, perkara keamanan warga isih nguwatirake, perkara korupsi isih durung ana mendhane, ya ben dipikir sing kawogan. Presiden kita lan wakile anyar, wakil kita ing Lembaga Legislatif anyar. Ya para panjenengane kuwi sing kita arep-arep dandan-dandan, ndadekake samubarang supaya luwih apik lan becik. Wong kita wis menehi mandhat kanggo panjenengane kabeh. Kita rakyat ayo mbantu sak bisane, sak kuwate. Sing penting kanggo kita, ayo kita nikmati alam lan suasana modern lan demokratis iki kanthi mujudake ancas tujuan kita sowang-sowang. Panjenengan kabeh arep ngapa, mangga kersa. Bebas, merdeka. Sing penting ora gawe sangga-runggine wong liya lan bebrayan, ora gawe rekasa lan cilakane liyan. Panjenengan kabeh arep ngganti jeneng kanthi jeneng Amerika utawa Landa utawa Jepang, ora ana eleke. Panjenengan arep nganggo klambi ‘durung dadi’ apa apa wis dadi mung kari nari kanthonge dhewe-dhewe. Panjenengan arep mangan pecel lan ngombe dhawet apa milih nyamikan beefburger lan ngombe soft drink kabeh ya sumadhiya. Iki enake wong Jawa jaman saiki.

Liding crita, kabeh ing Jawa pancen wis owah. Sing durung owah (lan ora bakal owah?) yakuwi kanyatan yen kita tetep wong Jawa. Arepa pangan sandhang utawa jeneng wis dudu asli Jawa, dak kira kita tetep wong Jawa angger, sepisan maneh, angger kita ora ninggal suba-sita lan trapsila Jawa. Conto paling gampang: yen mlaku ing ngarepe wong tuwa ya amit-amit. Sing penting meneh, kita ya perlu nduweni isin. (Akeh lho wong sing saiki iki ora duwe isin). Yen pranyata conto loro paling gampang iki ing kanyatan urip padinan angel, mula ayo padha sinau maneh dadi wong Jawa. Lan mesthi bae akeh perkara liya kang ndadekake kita tetep wong Jawa. Mbokmanawa aku lan panjenengan kabeh duwe ukuran sing beda, ayo kita goleki dhewe-dhewe kepriye ta sejatine dadi wong Jawa kuwi. Utawa, apa wis ora penting maneh dadi wong Jawa apa dudu? Eit, aja … aja darbe pamikiran kang kaya mangkono. Kepriyea bae, kita tetep wong Jawa. Harak ora salah ta aku? Ning panjenengan aja takon aku mangkene lho, “Kok jenengke sapa anak-anakmu? Kok ajari basa apa anak-anakmu?” Utawa, yen panjenengan pancen ngoyak aku kanthi pitakon kang kaya mangkono, wangsulanku: anak-anakku ya tetep wong Jawa.*

NYEMAK CERKAK-CERKAKE ARIESTA WIDYA

(Kapacak ing Panjebar Semangat No. 20 lan No. 21, 2004)(I)

WIS samesthine publik sastra Jawa modern rumangsa bungah yen ana buku anyar kang terbit. Ing babagan buku kumpulan cerkak, ing tahun 2003 ana siji maneh buku penting kang terbit, yakuwi Manjing Daging: Kumpulan Crita Cerkak dening Ariesta Widya. Pentinge buku iki paling ora magepokan karo rong perkara. Sepisan, kayadene Trem-e Suparto Brata (2001), Manjing Daging ya nuduhake “sejarahe” Ariesta Widya anggone ngrungkebi sastra Jawa. Cerkak pambuka, “Manjing Daging,” sing mesisan dadi sesirahe buku iki katulis ing tahun 1958 lan cerkak paling anyar, “Dalan Pilihan,” katulis ing tahun 1988. Perkara “kurun” wektu iki ana gesehe sithik karo pangiringe penerbit sing nyebutake yen cerkak-cerkak ing buku iki katulis ing antarane taun 1961 lan 1986. Nanging bab gesehing katrangan wektu iki dudu perkara kang wigati; perkara lumrah bae. Kapindhone, magepokan karo kualitas cerkak-cerkake. Minangka karyane pengarang senior sing isih tetep setya nulis, cerkak-cerkak kang kaimpun ing buku iki—miturut penulis—klebu golonganing cerkak-cerkak sing wajib diwaca dening sutresna sastra Jawa modern. Penulis yakin, para sutresna senior saangkatane pengarang iki mesthine wis maca saperangan cerkak-cerkak kang kaimpun ing buku iki. Nanging, kanggone sutresna sing isih enom-enom mbokmanawa ya lagi bisa mrangguli sapa ta sejatine Ariesta Widya minangka sastrawan Jawa ya ing buku iki, klebu penulis dhewe. Sanadyan mangkono, penulis rumangsa perlu urun rembug ngengingi cerkak-cerkak ing buku iki lan mbokmanawa 20 cerkak kang kaemot ing buku iki bisa “merefleksikan” Ariesta Widya sawutuhe minangka pengarang crita cekak.

Nyemak cerkak-cerkake Ariesta Widya kang kaimpun ing buku iki, bab-bab kang perlu dirembug ing antarane: pengarange, setting papan lan wektu, “permasalahan” utawa subject matter-e, lan uga pesen-pesen kang bisa kita prangguli ing 20 cerkak iku sacara umum.

(1) Pengarange

Bisa dikandhakake ora ana bab-bab anyar ngengingi pengarang senior iki sing bisa penulis aturake. Dojosantosa ing bukune Taman Sastrawan (1990:70-71) wis akeh paring katrangan marang kita. Asma asline Ariesta Widya kuwi Agustinus Mulyono Widyatama. Panjenengane iki saliyane nulis ing basa Jawa uga nulis ing basa Indonesia. Banjur, saliyane nulis cerkak ya nulis geguritan lan novel. Malah geguritane kadhang kala ya isih “muncul” ing rubrik “Sang Pamomong” ing koran Suara Merdeka, Semarang. Ariesta Widya wiwit nulis taun 1957, dadi saangkatan karo Suparto Brata, Muryalelana, M. Suroso WR, Liamsi (Ismail) lan sapanunggalane (keterangan lengkap bisa diwaos ing bukune Dojosantosa kasebut).

Sanadyan wis akeh karyane Ariesta Widya, penulis ya lagi saiki iki maca cerkak-cerkake kang kaimpun ing buku. Dojosantosa mratelakake yen karya-karyane Ariesta Widya sumimpen rapi ana ing lemarine. Yen saiki wis terbit bukune Manjing Daging, ateges ing wektu-wektu kang bakal teka kita bisa ngarep-arep terbite buku liyane. Mesthine isih akeh cerkak utawa geguritan kang sumimpen ing lemarine kuwi mau.

Kaya Suparto Brata, Ariesta Widya ya wis meh setengah abad “berkarya,” sanadyan ing babagan produktivitas—kaya sing diandharake dening Dojosantosa—panjenengane ora produktif banget. Nanging ora ateges “eksistensi” kepengarangane ora penting. Kepara suwalike. Lan perkara produktivitas iki ing sastra Jawa modern pancen beda-beda ing antarane pengarang siji lan sijine. Malah ana pengarang sing mung nulis sawatara geguritan lan wis ora nulis maneh ing basa Jawa uga wis oleh pakurmatan “dibaptis” minangka sastrawan Jawa. Contone, sawatara pengarang sing geguritane kaimpun ing Kabar Saka Bendhulmrisi (Kumpulan Geguritan) (Suharmono Kasiyun, ed. 2001), sawijining buku kumpulan geguritan kang kawetokake dening Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya. Tegese, sastra Jawa modern kuwi “fleksibel,” bisa menehi papan marang sapa bae, mbuh sawijining pengarang kuwi produktif banget, biasa-biasa, apa ora produktif babar pisan. Sing cetha, pengarang angkatane Ariesta Widya lan Suparto Brata sing isih tetep ‘berkarya’ wis ora akeh ing dinane iki. Diwawas saka bab ‘kurun’ wektu olehe ‘berkarya,’ kita perlu caos pakurmatan sing mirunggan.

(2) Setting papan

Banget narik kawigaten dene 20 cerkak ing Manjing Daging nduweni telung setting papan kang beda, yakuwi Maluku, Tomohon (Sulawesi Utara), lan Jawa. Cerkak-cerkak mawa setting papan ing Maluku ana wolu cacahe, wiwit saka “Manjing Daging,” “Tempuling,” “Kole-kole Sore,” “Ing Antaraning Ombak-ombak,” “Nantang Karang,” “Maju Pitu,” “Wurung,” lan “Pandhan Alas.” Dene cerkak “Dalan Pilihan” setting papane ing Tomohon, Sulawesi Utara. Dene sewelas cerkak liyane njupuk setting papan Jawa, yakuwi “Setoran,” “Rambutan Gadhing,” “Ketiban Urak,” “Tuntut Gedhang,” “Pentil Duren,” “Abote Sesanggan,” “Ing Antaraning Swara Mesin,” “Gudel Gemaru,” “Blimbing Wuluh,” “Kalah Awu,” lan “Kembang Bangah.”

Jawa, minangka setting papan dumadine crita, penulis kira ora perlu dirembug maneh. Lumrah sastra Jawa kuwi setting papane ya ing Jawa. Karomaneh, sasuwene iki, sastra Jawa kuwi ya nyritakake bab-bab kang magepokan karo Jawa, ya manungsane ya kabudayane ya papane. Saumpama ana uga setting papan ing sanjabaning Jawa, tetep bae para paragane akeh-akehe ya wong Jawa. Conto paling anyar yakuwi crita sambung (yen diterbitake dadi buku banjur kasebut novel) Kembang Pasadena dening Tony Ismaya lan Bingung dening FC Pam, sing loro-lorone wis rampung kapacak ing Panjebar Semangat. Magepokan karo cerkak-cerkake Ariesta Widya, sing perlu dirembug setting papan dumadine crita ing Maluku—utamane—lan Tomohon.

Ing cerkak-cerkake Ariesta Widya kang dumadi ing Maluku lan Sulawesi Utara, kabeh paragane ya “penduduk setempat.” Bab iki nuwuhake pitakon: Apa jan-jane “napas” cerkak-cerkak kasebut ya “napas” Jawa apa Maluku lan Sulawesi Utara? Arep digolongake sastra Jawa nyatane sing dirembug urip lan panguripan lan kabudayan Maluku lan Sulawesi Utara. Ora disebut sastra Jawa ning nyatane ditulis ing basa Jawa lan dening pengarang Jawa. Utawa, apa perkara sebutan iki ora penting sebab sastra apa bae jan-jane ngengingi perkara manungsa lan kamanungsan?

Sanadyan penulis duwe pitakon kang kaya mangkono, ing pungkasan penulis tetep ngrasakake yen ing cerkak-cerkak kasebut pancen ana “napas” Jawane sing kenthel. Ing kene Ariesta Widya pantes oleh pangalembana sing mirunggan amarga panjenengane kasil “mentransfer” kabudayan Maluku utamane marang kabudayan Jawa; utawa suwalike, “mentransfer” kabudayan Jawa mring kabudayan Maluku. Tegese, ruh utawa sukmane cerkak-cerkak iki pancen ruh lan sukma Jawa. Kanyatan iki dumadi mbokmanawa amarga Ariesta Widya banget olehe manjing ajur-ajer marang bebrayan lan kabudayan Maluku nalika panjenengane lenggah ing kana. “Transfer” kabudayan iki bisa diprangguli saka, umpamane, sebutan kekerabatan kayata “kang,” “lik,” lan “mbok.” Sebutan kekerabatan kang kaya mangkene iki mung wong Jawa sing nganggo, dudu wong Maluku. Nanging ing cerkak-cerkak kanthi setting Maluku, kanggo nggambarake sesambunganing paraga siji lan sijine Ariesta Widya ya migunakake sebutan-sebutan iki. Conto liyane, para paraga sing duwe “status sosial” luwih cendhek utawa asor ya nganggo basa krama yen wawan rembug karo paraga sing dianggep status sosiale luwih dhuwur. Ing kanyatan urip saben dinane, mesthine wong-wong Maluku lan Sulawesi Utara ora bakal migunakake basa krama utawa krama inggil kuwi mau. Ya mung wong Jawa sing darbe undha-usuk sing njlimet ing bab basa sanadyan ing basa apa bae tetep ana tembung-tembung kang nuduhake pakurmatan marang liyan.

Sing cetha, saka crita-crita kang dumadi ing Maluku kita oleh akeh katrangan ngengingi manungsa lan kabudayan Maluku, kayata: kahanan panguripan ing jaman nalika crita-crita kasebut ditulis, apa sing dadi ‘makanan utama,’ apa penggaweyane ‘penduduk setempat,’ lan mesthi bae tembung-tembung tartamtu sing digunakake ing basa ‘setempat’ lan liya-liyane. Penulis kira informasi kaya ngene iki ing crita cekak—utawa ing fiksi sacara umum—bisa luwih ‘jujur’ tinimbang ‘berita’ ing media massa—sing asring ‘sensasional’—utawa tinimbang ‘berita resmi’ pamarentah sing akeh-akehe mung nyorot bab-bab utawa kahanan sing apik.

(3) Setting wektu

Rong puluh cerkak ing Manjing Daging diurutake sacara kronologis, wiwit sing katulis luwih dhisik tumeka sing keri dhewe, kajaba cerkak “Dalan Pilihan” sing katulis ing tahun 1988 dadi cerkak nomer sanga. Yen nitik saka “kurun” wektu kang lawase 30 taun—kaya sing penulis aturake ing dhuwur wiwit saka cerkak “Manjing Daging” sing ditulis ing taun 1958 nganti “Dalan Pilihan” sing ditulis taun 1988—mesthine akeh owah-owahan kang dumadi ing bebrayan. Wektu kang suwene samono mau mesthine ngemot owah-gingsiring kahanan utawa kanyatan. Nanging pranyata ing cerkak-cerkak mau owah-owahan iku ora akeh. Pehak penerbit, Mascom Media, Semarang, ing “Atur Sapala” mratelakake, “Crita cekak-crita cekak Ariesta Widya iki bisa diwaca mligi minangka crita sing ngemu bab thek kliwering manungsa. Nanging, crita iki uga bisa dianggep “dokumen sosial” bab obah osiking jaman. Jaman sing kaya-kaya ora owah kanggone wong cilik – wong-wong kang kesrakat” (kaca v). Penulis sarujuk karo apa sing dipratelakake dening pehak penerbit yen kanggone wong cilik pancen urip ing jaman apa bae kaya ora ana owah-owahan kang wigati, kang tegese ora ana owah-owahan kang tumuju marang kahanan kang luwih becik. Ing kene ana “paradoks.” Cerkak-cerkak kang ditulis suwene 30 taun iki dianggep mujudake “dokumen sosial” bab obah osiking jaman—tegese pancen ana akeh owah-owahan. Nanging, pranyata jaman utawa wektu kang terus lumaku iki ora ana bedane kanggo saperangan bebrayan, utamane para warga masyarakat kang uripe kesrakat.

Aja maneh ing Maluku sing adoh saka “pusat,” sedheng ing tanah Jawa dhewe wong Jawa tumeka wektu saiki ya isih tetep akeh sing sekeng (bab iki bakal penulis rembug kanthi mligi ing perangan “permasalahan” utawa subject matter ing ngisor). Bab iki bisa ditegesi yen kanggone Ariesta Widya, “wektu” utawa “jaman” kaya-kaya mandheg; sebab saka rong puluh crita cekak sing ana, saperangan gedhe nuduhake swasana sing ajeg lan padha. Mung saperangan cilik sing beda, kayata crita cekak “Ing Antaraning Swara Mesin,” “Kalah Awu,” lan “Dalan Pilihan.” Ora Maluku ora Jawa, wiwit kemerdekaan nganti teka saiki, bisa diwaca yen kanggone Ariesta Widya, negara iki mujudake potret burem. Emane, kahanan kang burem kuwi mau tetep durung katon trontong-trontonge olehe arep dadi saya cetha, kang tegese kahanan bakal dadi luwih apik. Iki sing penulis karepake yen “wektu” utawa “jaman” kaya-kaya mandheg. Pancen ana owah-owahan ing “kana.” Nanging ing “kene,” kahanan padha bae, “setali tiga uang.” “Kana” ngemu teges wong-wong kang tansah owah gingsir manut ombyaking jaman lan tansah kepenak uripe, dene “kene” wong-wong sing tansah kesrakat lan rekasa kuwi mau. Lan kahanan “kana” kuwi ora dadi “minat”-e Ariesta Widya kanggo ngrakit crita-crita cekake.

 

(II)

(4) “Permasalahan” utawa subject matter

“Permasalahan” utawa subject matter sing dadi landhesaning Ariesta Widya kanggo mbangun critane dudu perkara-perkara gedhe kang ‘sensasional,’ nanging perkara-perkara urip saben dinane. Perkara urip lan panguripan iku bae dudu perkarane wong-wong gedhe sing kepenak uripe nanging perkarane wong-wong cilik sing tansah rekasa sanadyan wis nyambut gawe abot kanthi toh nyawa.

Utamane crita-crita kanthi setting papan Pulo Kei, Maluku Kidul Wetan, kita bisa mrangguli yen kepengin terus urip, manungsa kudu wani mati. Iki dudu sanepa utawa paribasan, nanging kanyatan wenteh. Ing papan panggonan kang ora subur lemahe lan ora bisa ditanduri maneka warna tetuwuhan ‘bahan makan,’ uripe saperangan gedhe kulawarga gumantung marang segara sing sawayah-wayah bisa bae malih dadi ‘pembunuh’ sing wengis. Crita-crita kanthi sesirah “Tempuling,” “Kole-kole Sore,” Ing Antaraning Ombak-ombak,” lan “Nantang Karang” menehi gegambaran saiba rekasane penduduk Maluku supaya bisa terus urip ana ing alam donya iki.

Crita kapisan, “Manjing Daging,” nggambarake abote dadi guru ana ing Maluku wektu semana (crita iki ditulis ing taun 1958). Ing sawijining sekolah, para guru ora bisa nyambut gawe kanthi ajeg mlebu saben dinane amarga kudu golek pangan kanggo kulawargane. Gaji sing dijagakake ora bisa ditampa saben sasi, nanging paling cepet telung sasi sepisan. “Nantang Karang,” saliyane crita bab adu nasib nyegur segara uga crita bab tetanen ing lemah cengkar. Mangkono uga crita cekak “Maju Pitu,” crita bab tetanen. Ing crita loro iki, paraga utamane sing wis rekasa nggarap lemahe, ing pungkasan asile sing ora sepiraa malah dimeliki lan dicolong dening liyan. Sabanjure, “Wurung” nyritakake adrenging atine Botbot, sawijining nom-noman, anggone arep “balas dendam” marang wong sing merjaya bapake, nanging ing pungkasan dheweke mundur ora sida nindakake apa sing dadi rencanane. Lan ing cerkak “Pandhan Alas,” sepisan maneh Ariesta Widya mbabar kanyatan rekasane urip ing tanah Maluku.

Kajaba saka iku, cerkak-cerkak saka Maluku lan Tomohon linandhesan napas Kristiani. Mula ing crita-crita iki akeh istilah-istilah sing dijupuk saka agama Katholik. Bab iki penulis kira dudu amarga Ariesta Widya ngrasuk Kristen, nanging amarga ‘penduduk setempat’ pancen akeh sing ngrasuk Kristen. Lan miturut penulis, Ariesta Widya pancen ora crita bab agama, nanging bab urip lan panguripan, bab kamanungsan. Yen bab iki penulis gayutake karo apa sing dipratelakake dening swargi Prof. Suripan kayane ana empere amarga panjenengane ing antarane nulis, “Sepanjang penelitian saya atas pertumbuhan dan perkembangan kesusastraan Jawa modern saya tidak pernah menjumpai pengarang yang betul-betul meniupkan nafas agama Kristen di dalam karya sastra Jawa” (Telaah Kesusastraan Jawa Modern, 1975: 80). (Sanadyan mangkono, statement utawa andharan iki perlu panaliti sing luwih mligi kanggo mbuktekake apa pancen mangkono apa ora). Ing crita-crita kanthi setting Jawa (sing bakal penulis andharake ing perangan ngisor), Ariesta Widya ya wasis crita bab bebrayan kang saperangan gedhe anggotane ngrasuk Muslim. Iki ngemu teges yen ana bab-bab kang magepokan karo agama ing cerkak-cerkake, iku mung kanggo background crita. Bab kang mangkene iki ya nuduhake yen Ariesta Widya—kaya sing wis penulis aturake ing dhuwur—bisa manjing ajur-ajer karo bebrayan ing ngendi bae panjenengane lenggah. Pengarang banget anggone nyecep kanyatan urip ing papan-papan kang dadi setting cerkak-cerkake.

Sabanjure, saperangan gedhe cerkak-cerkak kanthi setting Jawa ya ora beda saka cerkak-cerkak Maluku. Cerkak “Setoran” sing katulis ing taun 1971 tumeka cerkak “Kembang Bangah,” katulis ing taun 1986, uga nyritakake lelakoning para pawongan sing klebu kesrakat ing bebrayan Jawa kang “modern.” Mung ana crita loro kang dibangun kanthi “permasalahan” utawa subject matter kang beda, yakuwi “Ing Antaraning Swara Mesin” kang nyritakake sawijining mucikari kang macak priyayi lan omongane dhuwur lan “Kalah Awu” kang crita ngengingi talining katresnan ing antaraning wanita keturunan Tionghoa lan priya Jawa. Dene kabeh crita liyane ana gegayutane karo bab rekasaning manungsa olehe arep nyukupi kabutuhaning ngaurip sing baku ing saben dinane.

“Setoran,” umpamane, nyritakake abote para warga anggone mbayar pajek lan setoran rabuk amarga panen sing wurung. Kamangka, kanggone para kadang tani, sing dijagakake kanggo nyukupi kabutuhan kuwi ya mung asil panen. Yen panenan wurung, tegese kabeh rancangan lan kabutuhan dadi cabar. Kanyatan iki padha karo yen ing Maluku para among mina tradisional ora oleh iwak babar pisan. Rekasane para rakyat cilik iki dadi trawaca banget ing crita “Abote Sesanggan.” Coba kita semak “paragraf” pambuka iki, “Pikirane puteg nalika bojone kandha yen anggone njupuk blanjan warunge Mak Kaji Makruf wis numpuk. Anggone buruh macul wis dijaluk dhisik. Dadi bubar macul wis ora nampa dhuwite. Pancen selawase iki uripe gumantung marang doran. Mula yen awake dhong lara ya lelakon iki bisane njupuk barang warungan sing tundhone ora krasa dadi numpuk” (Ariesta Widya 2003: 108). Lan cerkak-cerkak liyane ya ngandhut gegambaran-gegambaran kang kaya mangkene.

Ana uga rekasaning manungsa kuwi amarga nuruti karepe anak, utawa amarga “anak polah bapa kepradhah.” Cerkak “Kembang Bangah” nyritakake bab iki. Karmidi kelangan lemahe sing dadi sumbering urip merga ditangisi Munawar anake sing kepengin sepeda motor. Lembah banjur didol kanggo nuruti anak. Ing pungkasan Karmidi uripe saya rekasa. Dene ing cerkak “Tuntut Gedhang,” Tasrip ditinggal bojone, Marsiyah, menyang kutha merga arep golek penggaweyan. Marsiyah kuciwa merga Tasrip ora bisa nyukupi butuhe. Babaring lelakon Tasrip ngerti yen bojone dadi wanita palanyahan. Lan cerkak-cerkak liyane ya ora ana sing nggambarake panguripan sing mapan.

Ing crita-crita kanthi setting Maluku apadene Jawa, bisa dikandhakake yen Ariesta Widya ‘menampilkan kenyataan’ kanthi apa anane. Kanyatan yen ing negara iki, wiwit jaman dhisik tumeka saiki, tetep akeh warga sing uripe kedhungsangan ana sangisoring garis kemiskinan. Kajaba saka kuwi, crita-crita cekak ing Manjing Daging iki saya nguwatake ‘hipotesis’ yen sastra Jawa modern kuwi sastra ‘ndesa’ dudu sastra ‘kutha’ (apa bener mangkono mesthine perlu panaliten kang mligi).

(5) Pesen-pesen

Ngrembug bab pesen ing cerkak-cerkak kang kaemot ing Manjing Daging, kaya-kaya ora ana pesen langsung kang terang trawaca saka pengarange. Amarga Ariesta Widya luwih nengenake mbabar kanyatan kanthi apa anane, mula pesen-pesen ing cerkak-cerkak kasebut kudu kita goleki dhewe ana ing saben paraga dalah lelakon uripe.

Kanthi mangkono crita-crita cekak iki bisa ‘banyak bicara,’ gumantung saka ngendi kita arep ndeleng; utawa, gumantung marang pengalaman kita pribadi. Kanggone para maos sing lair lan urip ing kutha, upamane, bisa bae cerkak-cerkak kang kaemot ing Manjing Daging iki bakal ‘gawe kesel’ diwaca. Sebabe apa, amarga ing cerkak-cerkak iki ora ana action sing ‘sensasional’; ora ana ‘kejutan-kejutan’ sing ngontang-antingake rasa-pangrasa, meh ora ana happy ending kang ndadekake kita njerit seneng lan marem. Kaya sing wis penulis aturake ing dhuwur, crita-crita iki minangka potret burem kanyatan bebrayan kita. Suwalike, mbokmanawa kanggone para maos sing lair ing desa lan tau ngrasakake pait-getiring urip, crita-crita iki bisa nuwuhake ‘nostalgia’ kang gawe nglangute ati amarga jaman semana kang rekasa (lan mbokmanawa saiki isih tetep rekasa) ‘direkam’ dening Ariesta Widya ing cerkak-cerkake.

Sing uga perlu oleh cathethan ing kene yakuwi para paraga kang rata-rata kesrakat. Kita bakal mrangguli yen ana sawenehing manungsa kang tumindak nerak wewaler iku amarga kepeksa, amarga ora ana pilihan liya. Sanadyan diwawas saka norma-norma bebrayan utawa saka ukum-ukum agama, tumindak kang culika kuwi mau tetep salah lan dosa, diwawas saka kamanungsan kita dadi angel olehe arep ‘memvonis.’ Ariesta Widya dhewe ya ora duwe ‘tendensi menghakimi.’ Gampange kandha, kabeh paraga dijarke sapari-polahe dhewe-dhewe.

Ing cerkak-cerkak kanthi setting Maluku, banget narik kawigaten yen para paraga kang rata-rata sekeng kuwi tetep ora nglirwakake kuwajiban marang Sing Gawe Urip. Tegese, mbuh kepriyea bae kahanan kang dialami, ngibadah kuwi tetep penting. Cerkak “Manjing Daging” mujudake conto sing cetha. Kanggone Pak Rahaded, paraga utamane, rasa syukur marang Pangeran ora mung ana ing atine, nanging ya manjing ing daging utawa ragane; sanadyan kanyatan urip saben dinane tansah rekasa. Lan cerkak-cerkak liyane kanthi setting Maluku ya akeh kang magepokan karo perkara iki.

Suwalike, ing cerkak-cerkak kanthi setting papan Jawa, Ariesta Widya ora akeh ngrembug sesambungan ing antarane manungsa lan Kang Akarya Jagad. Dadi perkara nindakake ibadah utawa prentahing agama ora akeh kasenggol. Sanadyan mangkono, ora ateges ora ana pesen-pesen kang bisa kita prangguli ing cerkak-cerkak golongan iki. Sacara umum, ing cerkak-cerkak iki kita bisa mrangguli pesen yen jer uriping manungsa ngono mung saderma. Kaya ngapa manungsa ngupaya supaya urip dadi luwih apik lan kepenak, nanging manungsa tetep ora bisa uwal saka nasib utawa takdir. Wong-wong ndesa sing dadi paraga cerkak-cerkak iki nyambut gawe abot saben dinane nanging ya tetep bae rekasa.

Rong puluh crita cekak iki sacara umum menehi gegambaran saiba watake manungsa iku pancen beda-beda: ana sing atine apik, ana sing culika, ana sing wengis, ana sing perwira lan sak panunggalane. Ana maneh sing nekad nerak aturan utawa wewaler. Miturut ukum agama lan negara tumindak kang kaya mangkono mau dosa utawa salah, nanging saka peri kamanungsan, mbokmanawa ora gampang anggon kita mbiji. Contone, Karel Ohoilulin lan David Kanarubun nyolong sagune Guru Luis Materbongs (ing cerkak “Maju Pitu”) amarga kepeksa: yen ora nyolong sagu kulawargane ora bisa mangan. Ing “Pandhan Alas,” Bapake Talaut lan Esomar nyolong solar ing Gudhang Solar uga amarga kepeksa. Wong-wong kesrakat iki kaya-kaya ora darbe pilihan liya kajaba nindakake bab kuwi. Banjur, ing crita-crita saka Jawa, kita uga bisa mrangguli Marsiyah (“Tuntut Gedhang”) kang kepeksa ninggal Tasrip, bojone, lan dadi wanita palanyahan amarga mlarat. Yen uripe cukup, mesthine Marsiyah ora bakal nindakake penggaweyan kang kaya mangkono. Banjur ing cerkak “Setoran,” kita bisa mrangguli yen lurah (ing kene bisa diwaca minangka ‘pemimpin’) kuwi tegel marang rakyate sing uripe rekasa. Perkara iki kaya-kaya ora mung dumadi ing wektu-wektu kawuri nanging ya isih ana bae ing wektu saiki.

Cekake, amarga akeh-akehe cerkake Ariesta Widya iki bisa digolongake mring cerkak-cerkak ‘realisme,’ dadi ‘pembaca’ malah nduweni ‘kebebasan’ anggone arep mawas. Ariesta Widya ora melu ‘njegur’ ing cerkak-cerkak mau, dadi sing bisa kita waca yakuwi gegambaraning manungsa lan uripe ing sadhengah papan ing wektu-wektu tartamtu. Cerkak-cerkak kang mangkene iki beda saka, umpamane, cerkak-cerkake Ardhini Pangastuti BN kang kaimpun ing Nalika Srengenge Durung Angslup (1996), sing kaya-kaya pengarange tansah ‘tercermin’ saka sadhengah paragane. Malah kadhang angel banget mbedakake sing duwe pikiran ngene utawa ngono kuwi jan-jane para paragane apa pengarange dhewe.

(6) Penutup

Eman dene ing Manjing Daging iki cerkak paling anyar ditulis ing taun 1988. Iki nuwuhake pitakon apa sawise taun kasebut Ariesta Widya ya isih akeh nyipta cerkak apa ora. Yen pancen isih akeh cerkak sawise taun kasebut tumeka saiki, kita bisa luwih wutuh anggon kita ‘memahami’ pamikiran-pamikiran utawa wawasan-wawasane Ariesta Widya ing babagan bebrayan liwat cerkak-cerkake.

Sanadyan mangkono, buku iki—miturut penulis—bisa dadi bukti penting ‘kesastrawan’-ane Ariesta Widya. Siji-sijining kekurangane buku iki mbokmanawa—mung mbokmanawa dadi durung mesthi—angel diwaca dening para ‘pembaca’ sing isih remaja amarga basa Jawa sing digunakake isih basa Jawa sing resik, tegese durung utawa ora ‘terkontaminasi’ dening tembung-tembung saka basa liya, apa basa Indonesia utawa basa asing. Nanging kanggone ‘pembaca senior,’ mbokmanawa kekurangan iki malah bisa dianggep dadi salah sawijining kaluwihane. Nuwun.

Pucang Gading, Maret 2004

 

DONYANE WONG CULIKA, KITA LAN ‘BEBAN SEJARAH’

(Kapacak ing Panjebar Semangat No. 10, 11, 12, lan 13, 2005)

1

Pambuka

SASTRA Jawa (modern) lagi ‘kewahyon.’ Lagi bae penulis rampung ngrembug novel Chandikala Kapuranta (Sugiarta Sriwibawa, 2002) ing PS No. 39-41, 2004, kanthi pangajab amrih sawise novel iki banjur ana novel basa Jawa sing kandel, lha kok mak brol, panyuwun iki keturutan. Ora ngenteni ganti minggu paribasane, penulis oleh pawarta yen tanggal 13 Oktober 2004, manggon ing Pusat Kebudayaan Perancis ing Surabaya, dianakake launching utawa ‘peluncuran’ Donyane Wong Culika (DWC), sawijining novel karyane ‘Bapa’ Suparto Brata. Tanpa ngurangi ‘apresiasi’ marang kabeh sastrawan Jawa kang tansah sengkud makarya kanggo nyipta karya sastra kang ‘bermutu,’ DWC cetha-cetha ngangkat drajade Sastra Jawa saengga kita kabeh kang isih tresna lan duwe kawigaten marang sastra Jawa bisa melu ngrasakake marem. Gampange kandha, publik sastra Jawa saiki ora perlu isan-isin mbiwarakake marang sak sapaa bae yen isih seneng maca sastra Jawa, utamane sawise maca DWC. Samono uga, para sastrawan Jawa bisa ‘duduk sama rendah, berdiri sama tinggi’ karo sastrawan liyane. Yen iki dianggep pangalembana marang DWC pancen bener—amarga pancen pantes nampa pangalembana, nanging pangalembana marang DWC ora mung mligi kanggo novel iki lan pengarange, nanging bisa sumrambah marang sastra Jawa secara umum. (Ing perangan pungkasan saka tulisan iki, penulis bakal ngrembug perkara ‘momentum’ kang didarbeni dening sastra Jawa ing wektu iki amarga kababare DWC.)

Pangalembanane penulis marang DWC ora mung amarga novel iki kandel (mbokmanawa mujudake novel Jawa paling kandel), nanging luwih-luwih amarga isine. Ngengingi perkara kandele novel, iki ya ana sing narik kawigaten kanggo dirembug. Sing cetha kita kabeh bisa ndeleng blegere, ngrasakake antebe, lan mbokmanawa krasa ‘pedhes’ mripat kita amarga ora entek-entek kaca mbaka kaca kita bukaki sajroning maca novel iki. Nanging mripat kang ‘pedhes’ iki oleh ijol ati lan pikiran kang sigrak, amarga novel iki bisa mbukak ati lan pikiran kita ngengingi akeh perkara. Mula, perkara isining novel iki kang banget wigati kanggo diudhari. Sanajan akeh perkara penting ing DWC, ing tulisan iki penulis ora bisa ngrembug kabeh mau. Bab-bab sing penulis rembug ing kene ing antarane: Sepisan, ‘kurun wektu’ penulisan DWC kang luwih saka 20 (rong puluh taun). Kapindo, ‘tegangan’ ing antarane crita lan gagasan. Cethane, Suparto Brata ora mung crita ing novel iki, nanging akeh ngudhar gagasan wigati liwat para paraga utawa tokoh-tokohe. Kaping telune, perkara ‘beban sejarah’ kang kita sandhang—ora mung minangka wong Jawa nanging minangka wong Indonesia. Kaping pat, penulis bakal ngrembug bab ‘momentum’ sing pas kanggo ‘revitalisasi’ sastra Jawa kanthi terbite DWC.

‘Kurun wektu’ ciniptane DWC

Miwiti maca DWC, sadurunge crita kawiwitan, ana perangan kang banget narik kawigaten ing kaca sawise sawatara ‘komentar’ saka para winasis tumrap Suparto Brata. Sengaja ing kene penulis nyuplik kanthi wutuh perangan kang nuduhake kapan DWC iki wiwit katulis nganti rampung: Katulis ing Surabaya, 16 – 26 Desember 1979. Kabecikake ing Surabaya, 7 September – 28 September 1992. Diketik komputer lan disampurnakake ing Surabaya 18 September – 5 Desember 2000. Dikoreksi kawasanan, 15 Maret 2001. Gunggung kepruk, Suparto Brata mbutuhake wektu kurang-luwih 22 taun kanggo nyampurnakake DWC sadurunge diterbitake dening Penerbit Narasi, Yogyakarta, ing taun 2004. Pitakon sing tuwuh saka wektu kang suwe iki: apa pancen Suparto Brata mbutuhake wektu kang samono suwene kanggo ngrampungake novel siji? Yen ora, geneya lagi saiki DWC diterbitake?

Mbokmanawa pitakon ing dhuwur bisa bae ora ana pedahe arepa diwangsuli kanthi dawa. Tegese, bisa bae bab iki mung perkara lumrah. Nanging, kosok baline, pitakon iki bisa banget narik kawigaten—lan pancen penting, mbuh kuwi saka ‘sudut pandang’ sejarah, sosiologi pembaca sastra, ekonomi apa dene ‘sudut pandang’ sosial-politik ing negara kita. Sing cetha, penulis ora percaya yen mung kanggo ngrampungake novel siji, Suparto Brata mbutuhake wektu kang samono suwene. Apa maneh yen nitik saka ‘derese’ karya-karyane sasuwene iki. Karomaneh, nitik saka lancare alur crita, sadurunge lair dadi tulisan, crita iki kaya-kaya wis mateng ana ing ciptane pengarange. Utawa, kanthi tembung liya, Suparto Brata wis ‘nggarbini tuwa’ mung kari nglairake critane ing tulisan. Kanthi pawadan ‘asumsi’ kang kaya mangkene, mula penulis ngudarasa bab ‘suwene’ novel iki sadurunge kababar.

Diwawas saka ‘sudut pandang’ sosiologi pembaca sastra Jawa, apa kira-kira Suparto Brata ngenteni anane ‘minat baca’ sing dhuwur ing kalanganing wong Jawa sadurunge nerbitake novele? Kita kabeh mangerteni, sing jenenge sastra sacara umum kuwi dudu barang penting kanggone bebrayan kita. Sing seneng maca sastra ya mung pengarang, saperangan ‘kalangan akademik,’ lan wong-wong sing pancen seneng sastra sing gunggunge ora sepiraa. Sajroning puluhan taun kok kaya-kaya ora ana owah-owahan gedhe ing babagan iki. Apa maneh ing donyane sastra Jawa, wiwit ndhisik tumeka saiki ‘grafik’ gunggunge pembaca iki mbokmanawa ora munggah-munggah; nanging padha bae utawa malah kepara mudhun. Mula saka kuwi, yen anggone Suparto Brata mbutuhake wektu sing suwe kanggo mbabar DWC amarga ngenteni ‘melek sastra’ ing kalanganing wong Jawa, kok kira-kira alesan iki ora bener. Cethane, dudu merga perkara iki DWC lagi saiki kababar.

Kepriye yen saka ‘sudut pandang’ ekonomi? Mesthi bae bab iki tetep gegayutan karo perkara sosiologis. Sacara umum, ekonomine bebrayan Jawa luwih apik yen katandhingake karo kahanan ing pungkasaning taun-taun 1970-an utawa wiwitan 1980-an. Nanging kahanan ekonomi sing luwih becik iki ora ateges wong Jawa dadi luwih sregep tuku buku lan banjur maca buku. Ora bisa dianggep mangkono. Akeh wong duwe dhuwit, akeh wong sugih, nanging ora padha gelem maca. Apa maneh maca sastra Jawa. Mula saka kuwi, ‘daya beli yang meningkat’ babar pisan ora bisa diwaca minangka luwih payune buku-buku sastra Jawa. Kajaba saka kuwi, tumeka saiki ya tetep langka penerbit sing wani nerbitake buku-buku sastra Jawa. (DWC didhuwiti dhewe dening Suparto Brata—iki keterangan sing bisa penulis mangerteni saka makalah “Konstelasi Donyane Wong Culika Dalam Dunia Penerbitan Sastra Jawa: Sebuah Keberanian Suparto Brata” (Dhanu Priyo Prabowo, 2004). Kanthi mangkono, padha karo sudut pandang sosiologis, alesan ekonomi iki kira-kira ya dudu sebab penting kena ngapa DWC lagi kababar saiki.

Banjur, apa amarga ‘faktor’ sosial-politik? Iki pancen ‘menarik’ dirembug. Akeh pitakon sing bisa kita ajokake ing perangan iki. Umpamane, apa kira-kira Suparto Brata pancen ngenteni ambruke rejim Orde Baru? Sak sapaa bae kang kepengin naliti DWC ing gegayutane karo sejarah lan kahanan sosial-politik ing Indonesia, umpamane,—kajaba kudu maca novel iki kanthi njlimet— mesthi bae mbutuhake katerangan langsung saka pengarange. Tegese, ing kene pancen apa sing dadi pamikire Suparto Brata ngengingi kahanan sosial-politik lan sejarah bangsa iki uga kudu dibabar. Geneya penulis duwe panemu sing kaya mangkene, marga sawuse rampung maca, penulis mikir-mikir yen novel iki terbit ing jaman Orde Baru, DWC bisa mujudake novel kang banget ‘sensitif.’ Bisa-bisa nasibe kaya saperangan karya sastra sing banjur ‘dilarang beredar’ dening Kejaksaan Agung. Mbokmanawa iki sing dadi ‘faktor penentu’ geneya lagi ing taun 2004 Suparto Brata nerbitake DWC, ora ing taun-taun nalika Orde Baru isih meger-meger nyekel panguwasa ana ing negara kita. Kanthi pawadan iki uga, mula penulis milih sesirah (judul) ing dhuwur. Cethane, tumeka dina iki, kita minangka bangsa Indonesia pancen isih nyandhang ‘beban sejarah’ kanthi anane prastawa G 30 S PKI utawa Gestok. Tumeka dina iki kita ora ngerti persis pira cacahing jiwa kang dadi banten ing prastawa iku. ‘Beban’ liyane sing kita sandhang, kita uga ora mangerteni kanthi cetha jan-jane sapa sing salah, sapa sing bener, sapa sing dadi pahlawan, lan sapa sing dadi ‘pengkhianat.’ Utawa, sapa sing sak jane culika? Kita ora mangerteni kanthi trawaca. Sing kita mangerteni, tumeka saiki, donya (Indonesia?) iki wis dadi ‘donyane wong culika.’ Iki sing kanthi cetha diwartakake dening Suparto Brata liwat DWC. Bab iki bakal penulis rembug maneh ing perangan ngisor kanthi luwih dawa.

Kanthi ngaturake bab-bab ing dhuwur—geneya DWC butuh wektu nganti luwih saka 20 taun sadurunge terbit—kita bisa nduweni ‘kesimpulan’ yen sastra—kang serius mesthi bae—mujudake karya seni kang ‘rumit’. Akeh ‘faktor’ utawa tetimbangane pengarang kanggo nerbitake karyane. Samono uga, karya sastrane dhewe, ora bisa uwal saka kahanan lan ombyaking jaman lan masyarakate. DWC mujudake karya sing kaya mangkene iki. Mula bareng terbit, DWC mujudake novel Jawa kang pancen ‘kompleks’ banget. Penulis yakin yen tulisan iki mengko mung bakal dadi tintingan kang mung sepala bae ora. Tegese, yen kandele DWC 535 kaca, ‘kajian’ utawa tintingan sing bakal bisa katulis dening sapa bae ing tembe bisa tikel-tekuk kandele. Lan bab tintingan (utawa kritik utawa apresiasi) iki dudu krana kandele DWC nanging luwih-luwih amarga isine sing kompleks kuwi mau. Kita darbe akeh conto karya sastra kang tansah oleh tintingan tumeka kapan bae.

Sing cetha, wektu rong dasa warsa luwih kang dibutuhake dening Suparto Brata kanggo ngrampungake lan nerbitake DWC dudu wektu kang muspra. Malah kosok baline. Saka ide utawa gagasan, novel iki ‘mateng.’ Saka critane, peni. Saka teknik critane, uga mujudake novel kang beda saka salumrahe novel. Mula saka kuwi, ing perangan ngisor mengko kanthi mligi penulis uga bakal ngrembug perkara ‘tegangan ing antarane crita lan gagasan.’ Kajaba saka iku, ing ‘daya kreativitas’-e Suparto Brata, sepisan maneh kita ngadhepi bukti nyata yen basa Jawa kuwi pancen basa kang endah. Para winasis ing babagan ilmu bahasa (linguistik) bisa nganakake panaliten kanthi njlimet ngengingi basa Jawa ing novel iki. Gandheng penulis ora pana ing babagan iki (amarga dudu bidange penulis), penulis mung bisa ngaturake yen DWC bisa dianggep minangka ‘revitalisasi basa Jawa tulis.’ Sapa bae sing sasuwene iki nguwatirake mblerede basa Jawa tulis, sawise maca DWC ora perlu was-sumelang maneh. Basa Jawa tetep bisa dienggo nulis crita kang dawa, tetep bisa dienggo ngudhar lan mbabar ide utawa gagasan-gagasan kang penting. Lan penulis kira ora ana salahe yen basa Jawa uga pantes kanggo sarana nulis ‘ilmiah.’ Basa Jawa ora mung kanggo ular-ular temanten apa kethoprakan utawa dhagelan. (Nuwun sewu, yen tetep ana sing durung mantep, mangga maos kemawon DWC). Muga-muga ing tulisan iki isih ana papan kanggo ngrembug bab endahing basa Jawa —sanadyan mung sethithik.

Kanthi apa sing wis penulis aturake ing dhuwur, penulis uga kepengin mratelakake yen sing jenenge karya sastra pranyata bisa ‘dikoreksi’ sadurunge siap terbit. DWC malah dikoreksi makaping-kaping. ‘Konsekuensine,’ pancen dibutuhake wektu kang suwe kanggo sampurnane. Nanging bab iki uga ana risikone. Kanthi anane owah-owahan jaman lan tatanan, bisa bae DWC malih saka crita kawitan. Utawa ‘jalan cerita’ sing dikarepake pengarange bisa dadi beda banget. Iki bisa mujudake ‘pelajaran’ penting marang kita kabeh: yen kita kepengin ngasilake karya sing mateng, ya pancen kudu dibelani rekasa. Pitakon sing ana: saliyane Suparto Brata, sapa ya sing gelem ngoreksi karyane dhewe makaping-kaping lan nganti taunan sadurunge karya mau diterbitake? Iki pitakon kang banget penting amarga, kita kabeh ing pungkasan mangerteni, yen karya kang digarap kanthi tumemen bakal ora nguciwani. Kanthi terbite DWC, sepisan maneh penulis ambali, para sastrawan lan pembaca sastra Jawa mesthi melu ngrasakake kumandhange.

2

‘Tegangan’ ing antarane crita lan gagasan

KITA mesthi sarujuk yen ing mula buka, novel kuwi crita. Tegese, kasil lan orane utawa apik lan orane sawijining novel gumantung marang critane. Yen critane apik, digarap kanthi becik, perangan-perangan (unsur-unsur) liyane sing mbangun novel mau uga apik. Ing bab crita, DWC nengsemake. Maca critane, kita bisa ngrasakake saiba rasa-pangrasa kita kasendhal-sendhal: kadhangkala kita ngrasakake seneng, kadhang nelangsa. Ing sawijining perangan kita melu ‘emosional,’ ing perangan liyane kita bisa bae mesem kecut. Bisa uga kita duwe pangigit-igit amarga ana paraga kang kejem miturut ukuran lumrah. Nanging ora mung sepisan utawa kaping pindho bathuk kita njengkerut amarga mikir banter ngengingi sawijining perkara kang kababar dening Suparto Brata.

DWC critane ‘kompleks.’ Crita sing ruwet-njlimet iki njupuk setting papan ing tlatah Purworejo lan sakupenge, setting wektune taun-taun sadurunge lan sawise dahuru geger PKI taun 1965. Iki papan lan wektu sing baku sing dadi rangkane novel. Nanging, gandheng critane njlimet nyangkut paraga kang akeh banget lan perkara kang amba bawera, mula DWC uga ngengingi wektu-wektu kepungkur suwe sadurunge prastawa 1965 dumadi lan sawise prastawa kasebut. Ngengingi setting papan crita, Jakarta, Surakarta, Yogyakarta lan sawatara papan liyane ya melu katut ngrenggani isining novel. Paragane akeh, saengga angel kita temtokake sak jane sapa ta paraga utamane novel iki: Kasminta? Tukinem? Pratinah? Apa Den Darmin? Apa Sukardi Pak Guru? Kabeh paraga iki penting. Kajaba kuwi isih akeh maneh paraga liyane sing uga penting.

Sing narik kawigaten, Suparto Brata mara novel kang kandele 535 kaca iki mung dadi telung bab (perangan); Bab I: Kasminta, Bab II: Tukinem, lan Bab III: Pratinah. Saka ‘teknik bercerita,’ Suparto Brata bisa dikandhakake rada ngowahi pakem. Umume, alur crita sawijining novel iku maju, utawa mundur, utawa campuran. Nanging ing DWC iki, apa sing wis dicritakake ing perangan siji banjur dicritakake maneh ing perangan loro lan telu kanthi ‘sudut pandang’ kang beda. Mesthi bae ora persis padha, ana sing ditambah ana sing disuda ing kana-kene. Ana uga bab-bab anyar sing durung dibabar ing perangan siji utawa loro banjur lagi dicritakake ing perangan telu. Kanthi teknik crita kang kaya mangkene, bab sing paling nengsemake ya kuwi kita bisa ‘mbiji’ sawijining paraga, umpamane Kasminta; ora mung saka ‘satu sudut pandang’ nanging uga saka pandang liya. Cekake, gambaran ngengingi pribadine Kasminta, Tukinem, apadene Pratinah, lagi lengkap kita mangerteni sawise rampung anggon kita maca novel kanthi tuntas. Ora bisa kita ndeleng Kasminta mung saka perangan utawa bab I, umpamane.

Kanthi migunakake Kasminta, Tukinem, apadene Pratinah minangka sesirah utawa judul perangan I, II, lan III, bisa dikandhakake yen sarining crita pancen ana ing paraga telu iki. Kasminta sawijining paraga sing ambyur dadi anggota PKI lan sawutuhe ngrumansani yen PKI bakal dadi dalan kanggo kamulyane rakyat cilik. Dheweke wis bosen dadi wong mlarat. Dheweke lunga saka ndesane, Dhukuh Bangkuning, ‘berjuang’ minangka anggota PKI. Bareng PKI kalah Kasminta banjur bali mulih menyang ndesane kepengin miwiti urip anyar. Dene Tukinem, sawijining guru kang banjur leren anggone dadi guru sawise omah-omah karo Sukardi, kang uga guru, wis mangerteni Kasminta wiwit cilikane. Tukinem bisa dikandhakake dadi antagonis-e Kasminta amarga dheweke anti-PKI. Lan Pratinah, anake Dhalang Pratignya kang omah-omah karo Srimadu, dadi wong sing bisa ‘memanfaatkan’ kisruhe swasana sosial-politik jaman semana kanggo ngeruk keuntungane awake dhewe. Kajaba saka iku, isih akeh maneh paraga penting liyane, kayata Sukardi, Den Darmin, Ki Pratignya, Srimadu, Ndara Kanjeng Jodi, Susmanta, Saksana lan sateruse.

Tukinem sekolah ana kutha Sala banjur sesambungan raket karo Sukardi; sawise padha lulus banjur omah-omah lan dadi guru ana desane Tukinem. Pratinah sing dadi muride Sukardi banjur nresnani gurune, nanging ora kasembadan. Kasminta dhewe tau arep tumindak keladuk lan murang tata marang Tukinem sing banjur ndadekake Tukinem sengit salawase urip marang Kasminta. Kasminta dhewe ya duwe ati marang Pratinah lan sengit marang Tukinem apadene Sukardi. Pratinah banjur oncat saka desa amarga kepedhotan tresna, lunga menyang Jakarta sesambungan karo priya sing pranyata gawe wirang-isin ibune nalika isih mudha. Ing Jakarta Pratinah malih dadi ‘gadis metropolitan’ sing wasis-pinter ing samubarang. Ing pungkasan dheweke bali menyang desa mburu katresnane marang Guru Kardi. Ing pungkasan crita, Pratinah pralaya ing tangane Guru Kardi sing pranyata mung gagah dedeg-piadege nanging wong lanang kang ora nglanangi. Guru Kardi dhewe mati ngendhat, dene Kasminta ambyar angen-angene olehe arep mbangun urip anyar amarga kapikut dening punggawa negara lan konangan yen dheweke anggota PKI.

Saka critane, DWC pancen muyeg. Nanging kekuwatane novel iki ora mung ana ing crita. Saka gandheng-ceneng ing antarane paraga siji lan sijine, ing antarane prastawa siji lan liyane, Suparto Brata nyelipake gagasan-gagasan utawa ide-ide ngengingi maneka-warna perkara: perkara urip bebrayan agung, perkara moralitas, sesambungan ing antarane negara lan rakyat, perkara agama lan religiositas (agama lan religiositas manut andharane swargi Romo Mangunwijaya ing buku Sastra dan Religiositas kuwi ora padha). Kajaba saka iku, Suparto Brata uga duwe gagasan-gagasan ngengingi militer (tentara) ing negara kang lagi perang lan ora perang, uga gagasan kang magepokan karo sastra lan seni, lan uga saiba bangsa iki (bangsa Indonesia) ora bisa sinau saka sejarah; ana maneh perkara gender lan liya-liyane. Akehing gagasan utawa ide iki ndadekake DWC sawijining novel kang ‘kenthel’ utawa ‘pekat.’

Mung emane (apa pancen disengaja?), kabeh gagasan iki mau kawedharake dening akeh paraga. Bisa dikandhakake yen Suparto Brata ntlusup mlebu ing pikirane para paraga ing DWC. Pratinah, umpamane, sanadyan pendhidhikan formal-e mung SMP, dheweke wasis crita ing samubarang: perkara seni, sastra, kabudayan, politik lan isih akeh maneh. ‘Pergaulan’ ibu kota nyulap Pratinah dadi wanita pinter basa manca, utamane Inggris lan Perancis, pinter nembang, nyanyi, njoged, dansa. Dheweke tansah eling marang piwulang luhur saka ibune, Srimadu, nanging uga nindakake urip kang bebas sak bebas-bebase. Samono uga, gagasan-gagasan utawa ide-idene pengarang kababar liwat paraga-paraga liyane, umpamane liwat Den Darmin, Sukardi, Ndara Kanjeng Jodi, Saksana, lan uga liwat Srimadu.

Kenapa bisa mangkono, iki uga sing narik kawigaten. Bisa bae bab iki pancen disengaja dening Suparto Brata. Amarga, kanthi akehing gagasan utawa ide, rasane pancen angel banget yen kabeh gagasan kuwi mau mung kababar liwat salah sijining paraga. Srimadu, umpamane, gandheng dheweke duwe trah kraton, mula baud ing seni lan budaya. Perkara loro iki pancen dipredi tenan saengga dheweke wasis ing bab seni lan kabudayan Jawa. Dene perkara-perkara kemiliteran (tentara) dibabar liwat Den Darmin, sawijining pensiunan tentara (pensiun amarga karepe dhewe—sawise perang nglawan penjajah rampung dheweke emoh maneh dadi tentara sebab manut pamikire, yen negara ora duwe mungsuh paling-paling tentara bakal mbedhili bangsane dhewe). Bab wawasan-wawasan global lan modernisasi, umpamane, kababar liwat sawijining dhokter, yakuwi Dokter Stefi Tjia, ndhisike anggota TP sing banjur sinau kedokteran ing Amerika Serikat sawise perang rampung. Ya nalika urip bareng karo dhokter iki (tanpa ningkah!) Pratinah sinau basa lan seni budaya manca. Bisa uga, gagasan-gagasane Suparto Brata ‘mengalir’ ngono bae sairing karo menggak-menggoke crita, saengga saben paraga gelem ora gelem kudu nggawa ‘beban’ medhar gagasan kuwi mau. Yen iki sing dumadi, tegese pancen ora bisa diendhani. Mung bae, banjur ana ‘kesan’ yen para paraga iki manungsa-manungsa kang lantip, pinunjul, lan wasis ing samubarang. Gelem ora gelem ‘pembaca’ bakal mikir yen para paraga iki mau mujudake ‘representasi’ pengarange ing babagan ngandharake gagasan-gagasane. Nanging sacara umum, ing pungkasan—utawa sawuse rampung maca novel—bab iki mau ora pati penting. Sing luwih wigati, DWC mujudake crita kang muyeg lan kebak ing gagasan-gagasan penting kuwi mau.

Mokal ing tulisan iki penulis ngrembug kabeh gagasan penting sing ana. Amarga papan kang cumpen, penulis mung bisa ngaturake sawatara gagasan pentinge pengarang. Ing bab kabudayan, umpamane, ana perkara penting kudu kepriye kita wong Jawa iki nduweni ‘sikap’ ing jaman modern iki. Nalika Kasminta ngrasani Guru Kardi geneya marem duwe bojo Tukinem sing ora bisa duwe turun—tegese minangka wanita Jawa Tukinem ora komplit bisa macak, masak, manak (ing pungkasan crita kita mangerteni pranyata Sukardi sing ora sampurna olehe dadi wong lanang), Pratinah kandha:

“… Pikirane wong lanang Jawa waras sing modern wis ora ngono maneh. Manut Tuwan Cheng Hoo, cekelan urip sing modern kuwi wis beda, wis owah, wis diwori pikiran cara urip sing nyocogi kahanan anyar. Tegese kecampuran cara uripe wong Landa, Cina, Arab, kang mlebu mrene sarana liwat teknologi, ekonomi, agama, lan sapanunggalane. Kabeh diurap dadi pikiran modern, bisa nglakoni urip kepenak ngadhepi jaman anyar, sarana ngecakake teknologine wong Jerman, ekonomine wong Cina, agamane wong Arab, kabudayane wong Jawa aseli. Kudu gelem campur lan nyampur, lan ora bisa mung nengenake sing mligi, sing aseli, sing murni, upamane mung nengenake kabudayane wong Jawa thok, sing liya prek! …” (kaca: 75-76).

Den Darmin, ‘tokoh kontroversial’ sing pungkasane dipateni dening PKI ing tengah sawah (lan amarga saka kuwi anake wedok Den Mintarti dadi owah pikirane), pilih metu ora dadi tentara sawise rampung perang. Nalika Guru Kardi takon geneya metu olehe dadi tentara, dheweke wangsulan mangkene:

“Lha wong ora ana perang. Tentara kuwi gunane rak perang, mbelani negara, mbelani bangsa. Lha yen bangsa wis ora duwe mungsuh, rak ya prajurite kudu leren. … Eman, ta, yen manungsa kaya aku ngene nganggur ngethekur dadi prajurit, lan kudu dibayari negara. Prajurit ora jaman perang rak nganggur, nanging tetep dibayari negara, didulang negara. Kuwi wong sing ora produktip. Yen wong nganggur nggawa bedhil ing negarane dhewe sing ora perang, mesthi sing dibedhili ya bangsane dhewe! Mesthi! Lha kuwi sing aku emoh! Nyawijine bangsa iki tumrapku kang utama kudu daklabuhi ing sajrone ngaurip. Anggonku nyawijekake sarana labuh ngusir penjajah wong manca, dakrewangi toh pati. Nanging yen wong manca wis lunga, cara nyawijekake bangsa kuwi aja kasaran, aja nganti peksan, aja ndhesegake benere dhewe. Apa maneh nganggo mbedhili bangsa dhewek. Oo, kuwi dosa gedhe!” (kaca 129).

Ing perangan-perangan liyane ing DWC, gagasan-gagasane Den Darmin kang kaya mangkene iki akeh. Salah sijine sing penulis pethal ing kene yakuwi: “Mula rampung perang karo Landa, Indonesia mardika satus prosen, aku njaluk metu saka tentara. Yen terus dadi tentara, aku kuwatir kudu ngayahi prentah kaya neng Ngawi kuwi, mbedhili bangsaku dhewek. Kamangka Indonesia wis mardika, ora duwe mungsuh tentara manca. Aku metu saka tentara kanthi rumangsa dosa. Dosa mateni bangsa dhewek. Sanajan kuwi wong komunis. Aku ora tega. (kaca 149).

Liwat paraga Den Darmin, mesthine bisa bae kita darbe ‘interpretasi’ yen kanggone Suparto Brata cara-cara ‘kekerasan militer’ kanggo merangi utawa mbedhili bangsa dhewe kuwi mesthine ora katindakake. Nanging kita mangerteni, sajroning pirang-pirang puluh taun bab iki tetep bae dumadi ing negara kita. Iki sing mujudake salah sijining ‘beban sejarah’ kang bakal penulis rembug ing ngisor.

Isih akeh gagasan-gagasan penting liyane ing DWC. Gandheng ora bisa dibabar kabeh ana ing kene, becik kita tandhesake maneh yen kanggone Suparto Brata, novel ora mung perkara gawe crita sing apik, sing gayeng, utawa sing rame. Luwih saka kuwi. Nanging novel uga mujudake sarana kanggo menehi ‘sumbangan pemikiran’ marang bebrayan agung bangsa iki. Nitik saka wektu kang suwe kanggo nyampurnakake DWC, Suparto Brata mesthine kepengin supaya DWC iki duwe ‘makna nyata’ kanggo urip bebrayan kang luwih becik, ora mung dadi sawijining novel Jawa kang gampang dilalekake. Ing mula buka novel pancen crita, nanging ing pungkasan novel mujudake crita kang duwe ‘makna’ kuwi mau.

3

Kita lan ‘beban sejarah’

JAN-JANE kepriye prastawa G 30 S PKI kuwi? Sapa sing merjaya para jenderal? Apa bener PKI? Yen ora banjur sapa? Akeh maneh pitakon ngengingi salah sijining dahuru paling nggegirisi ing negara kita iki. Tumeka saiki, isih ana panemu sing beda-beda ing antarane para sejarawan. Mula kuwi saperangan gedhe ing antarane kita dhewe ya melu-melu ora ngerti. Sanajan ing tulisan iki penulis ora arep ngrembug sejarah, nanging sastra—utamane DWC, ana becike ing kene penulis miwiti saka bab iki amarga ‘isu sentral’ ing novel iki pancen ngengingi urip lan panguripaning wong akeh amarga anane geger ing taun 1965 iki. Bali marang ‘interpretasi’ sapa ta jan-jane sing merjaya para jenderal sing banjur dadi geger nggegirisi kuwi, penulis kepengin nyuplik panemune sawatara ahli sejarah saka Amerika Serikat iki:

“The crisis burst before dawn on October 1, 1965, when a group of middle-rank officers assassinated six senior generals and proclaimed their own assumption of power under Sukarno’s aegis. In Indonesia the coup is officially attributed to the PKI; foreign scholars diverge widely in their interpretations. At any rate it was the aftermath of the coup—suppressed within a day by forces shrewdly deployed by General Suharto—that was decisive” (In Search of Southeast Asia: A Modern History dening David Joel Steinberg, ed., 1987: 424).

Pethikan iki menehi gambaran yen jan-jane pancen isih tetep ana ‘misteri’ ing suwaliking prastawa ing taun 1965 kasebut. Resmine (versi pemerintah Orde Baru), ing Indonesia sing kadakwa nindakake raja pati kuwi mau pancen PKI. Nanging Steinberg lan para kolegane ya nandhesake yen ing antarane para sarjana manca ana ‘interpretasi’ kang maneka warna utawa beda-beda. Ya iki sing dadi sanggan utawa ‘beban’ sejarah kita kabeh minangka bangsa. Ora anane ‘kepastian’ iki ndadekake kita mung bisa ‘meraba-raba dalam kegelapan’. Sing luwih ‘misterius’ maneh, Sejarah Indonesia Modern ya ora bisa menehi ‘kepastian’ ngengingi pira nyawa sing dadi banten ing geger gedhe kuwi. David Joel Steinberg lan para kancane sing nulis buku kasebut mung bisa ngandhakake yen “Hundreds of thousands were massacred, systematically and—most awfully—without resistance. (Estimates of the number of victims range, shakily, from fewer than a hundred thousand to a million …)” (In Search of Southeast Asia, 1987: 424). Sauntara kuwi Dr. Asvi Warman Adam, ing perangan “Epilog” ing buku Memoar Pulau Buru (Hersri Setiawan, 2004: 593) nyebutake “Jumlah korban tewas dalam pembantaian itu berkisar dari 78.000 orang (menurut Fact Finding Commission) sampai 3 juta jiwa seperti diakui Komandan RPKAD Sarwo Edhi.”

Ing kene kita bisa duwe dudutan yen sakjane sejarah kuwi ora mung perkara ‘fakta’ nanging uga perkara ‘interpretasi.’ Isih ditambah maneh karo sapa sing nyekel panguwasa, amarga panguwasa iki sithik-akeh sing nemtokake sejarah. Kajaba saka kuwi, kadhang kala ing antarane sejarah karo fiksi kuwi angel dibedakake. Novelis Saskia Wieringa, sing uga ilmuwan sosial, ing perangan “Kata Pengantar” novele kang asesirah Lubang Buaya (2003) malah nulis mangkene: “Fiksi atau sejarah? Banyak sejarawan masa kini berpendapat bahwa semua sejarah adalah fiksi. Tak ada fakta, hanya diskursus yang selalu berubah dan dipengaruhi oleh kekuasaan.” (Novel iki asline ditulis ing basa Walanda lan dijarwakake mring basa Indonesia dening Tatiana Utomo).

Resmine, Suparto Brata dudu sejarawan. Nanging DWC mujudake sumbangan penting tumrap sejarahe bangsa iki. Minangka salah sijining warga negara kang melu dadi seksi geger taun 1965, mesthi akeh perkara penting kang ora luput saka panggraitane. Gandheng Suparto Brata sawijining sastrawan, mula wis trep yen sing dicipta kuwi novel, dudu buku sejarah. DWC kang multi interpretable (nduweni makna utawa teges maneka warna gumantung sapa sing maca) ing kene mujudake salah sijining ‘interpretasi’ tumrap prastawa-prastawa sejarah kuwi mau. Mulane penulis ngaturake ing dhuwur yen novel iki penting saka ‘sudut pandang’ sejarah. Pentinge ya kuwi amarga novel kang kaya mangkene iki bisa dikandhakake bisa ngisi ‘lubang-lubang sejarah’ sing isih kosong. Kepriyea bae teks-teks sejarah ora bisa nyakup kabeh ‘fakta’ lan kabeh ‘interpretasi,’ saengga DWC bisa dadi salah sijining alternatif—sanadyan sifate literer.

Sing bisa kita semak, apa sing kababar ing DWC mujudake kahanan urip lan panguripaning manungsa Jawa sing langsung utawa ora langsung ana gegayutane karo prastawa taun 1965. Para paragane kanthi cetha menehi gemgambaran marang kita ing bab iki. Kasminta sing mlarat gampang diobong dening para pimpinan PKI supaya brontak, amarga mung kanthi brontak rakyat cilik sing mlarat duwe keyakinan bakal ndarbeni negara lan bisa makmur. Bisa bae jan-jane dheweke ora ngerti apa ta tegese dadi PKI utawa apa ta tegese ‘berjuang.’ Nanging, gandheng kahanan—mlarat lan rekasa sing ora ana enteke—dheweke melu-melu. ‘Pelajaran’ penting ing kene: wong-wong kaya Kasminta (wong cilik) kuwi gampang diobong. Mula banjur uga katelah akar rumput. Om Son, utawa Kapten Saksana nalika semana, mujudake gegambaran sawijining anggota militer kang banjur urip enak-kepenak sawise PKI kabrasta. Kita bisa ndeleng-nyekseni dhewe yen akeh jenderal lan petinggi militer urip mubra-mubru tumeka dinane iki amarga puluhan taun nyekel panguwasa (nanging Den Darmin emoh!). Dene Pratinah mujudake gegambaran ngengingi sapa bae sing pinter ‘memanfaatkan kesempatan’ saka situasi lan kondisi sing semrawut lan ora karu-karuan. Kajaba saka iku, Suparto Brata uga mbabar urip lan panguripaning wong akeh liyane sing panggaotan lan drajade beda-beda. Kanthi cekak, bisa dikandhakake yen kanthi anane geger PKI taun 1965 ora ana anggota masyarakat sing ora kena ‘dampake,’ (mbokmanawa) tumeka dinane iki. Ana sing untung utawa diuntungake, ana sing cilaka utawa digawe cilaka. Lan, sing mesthi: akeh wong culika! Kaya-kaya donya iki wis dadi donyane wong culika!

Sing uga bisa kita semak, Suparto Brata ora nduweni ‘tendensi’ utawa ‘pretensi’ menghakimi ana ing DWC. Ana upaya ing novel iki yen pengarang kepengin ngadeg ing tengah-tengah, dudu ‘ekstrim kanan’ utawa ‘ekstrim kiri’ (yen istilah iki pas). Sejarah versi pemerintah (Orde Baru), cetha: PKI kuwi kudu dibrasta, kudu cures, amarga elek. Malah anak-turune wong-wong sing pancen dadi anggota PKI klebu sing mung dianggep PKI isih ngrasakake ‘stigma’ kaya ngene iki tumeka saiki. Lan ora ana sing wani ngaku sedulur utawa permili marang anake PKI. Ing DWC dhewe ana perangan kang kanthi cetha nuduhake bab iki, yakuwi nalika Mbok Sali lan Kasminta rembugan bab Painem, sawijining bocah lola:

“Terus wong tuwane Painem?” Kasminta kelingen biyene. Mbok Sali yen ngomong mesthi muter-muter ora karuwan, sok nganti lali pokok omongane sakawit.

“Kiye wong pasir. Wong tuwane biyen galake eram, melu bengok-bengok baris. Melu kuwasa. Bareng dina piwalesan, bapake ilang. Emboke gemluntung ing pinggir segara. Painem nangis kekintrang nunggoni biyunge sing wis tanpa nyawa. Ora ana sing wani nglaruhi. Terus, aku pinuju golek iwak ing segara. Melas weruh bocah cilik nangis mbrengengeng. Banjur, banjur dakgawa mulih mbrene. Akeh wong sing ngelikake, kuwi anake PKI, aja diopeni, mengkone bakal dadi bibit ala maneh. Nanging aku mesakake. Dakopeni sabisa-bisaku. Saprene.”

“Ora diurus karo permiline?”

“Ora ana sing ngaku permili, wong anake PKI. Ya saprene ngono kuwi, wong aku dhewe ya dadi wong kesrakat.” (kaca 13)

Gandheng ‘stigma’ iki ditanemake krana sistematis sajroning puluhan taun marang bangsa iki, mula bangsa Indonesia dhewe kaya-kaya pancen ya nduweni anggepan kang mangkono. Ing ngendi papan, wong sing isih tedhak turune anggota PKI utawa sing dianggep PKI mesthi ngrasakake beban sejarah iki. Kosok baline, para sing langsung utawa ora langsung nyengkuyung PKI, duwe versi yen Pemerintah Orde Baru kuwi elek, ora ngregani ajining manungsa. Kita bisa nyemak bab iki umpamane saka Nyanyi Sunyi Seorang Bisu (1995) karangane Pramoedya Ananta Toer lan uga Memoar Pulau Buru (2004) karangane Hersri Setiawan. Buku loro iki padha-padha nyritakake pengalamane pengarange ing Pulo Buru. Bedane, ‘vonis’-e Pramoedya yen Orde Baru kuwi elek luwih krasa tinimbang Hersri. Sing padha ing antarane Pemerintah Orde Baru lan Pramoedya utawa Hersri: loro-lorone ora ngandhakake eleke dhewe, nanging apike dhewe.

Lha, Suparto Brata dhewe ing DWC, kaya sing penulis aturake, ngupaya ana ing tengah-tengah. Kejeme tentara anggone mbedhili bangsane dhewe kuwi ora apik, ora perlu ditindakake. Samono uga, organisasi-organisasi bawahane PKI sing baris pendhak bengi ngrusak katentremane bebrayan desa ya ora becik. Cara nggayuh kamulyan ora grudag-grudug kaya ngono kuwi, ora meksa lan merjaya. Loro-lorone—Orde Baru lan PKI—ana eleke, ana kejeme. Penulis kira minangka salah sawijining seksi geger PKI, Suparto Brata—kaya kita kabeh—duwe beban sejarah sing ora entheng. Yen novel iki wiwit katulis ing taun 1979, tegese wis pirang taun Suparto Brata nyunggi ‘beban’ iki? Kita kabeh—sepisan maneh—darbe beban sejarah iki. Geger taun 1965 ngowahi tatananing urip bebrayan agung kita minangka bangsa. Urip dadi ireng-putih, ala-apik, aku-kowe, panguwasa-sing dikuwasani lan sapanunggalane. Cilakane maneh, saperangan gedhe bebrayan kita ora mangerteni kanthi trawaca endi sing bener, sejarah sing bener. Kabeh sarwa peteng, utawa saora-orane remeng-remeng. Mula kanthi kababare DWC, novel iki bisa dadi alternatif ndeleng lan ngrasakake prastawa taun 1965 saka ‘perspektif’ liya, tegese dudu saka perspektif pemerintah Orde Baru apadene PKI.

Bisa uga Suparto Brata krasa lega sawise sampurna nulis novel iki. Sanggan kang abot paling ora bisa dadi rada entheng. Bisa uga kita uga ngrasakake mangkono. Nanging kita ora kena lali yen mbokmanawa wis dadi sipate bangsa kita sing pancen seneng padudon, crah, rebut kuwasa, rebut bener lan sateruse. Ing pewayangan, kita bisa sinau yen sawise perang gedhe Baratayuda, kahanan donya banjur dadi sirep. Manungsa padha lerem. Yen geger PKI taun 1965 bisa kita anggep minangka perang Baratayuda, kudune bubar kuwi bangsa iki tentrem. Nanging kanyatane ora. Edrek-edrekan rebutan apa bae isih tetep dumadi ing negara kita tumeka dinane iki. Ing kene cetha yen bangsa kita pancen ora bisa sinau saka sejarah: yen perang sedulur kuwi tundhone mung bakal gawe bubrahe tatanan urip. Perang sedulur ora kudu bedhil-bedhilan utawa paten-patenan (sanajan teka saiki tetep bae ana ing negara kita), nanging uga perang paham, ngelek-elek golongan liya mung ngapik-apik golongane dhewe. Perkara penting iki uga kang dadi rembug ana ing DWC. Lan mesthi bae kahanan kang kaya mangkene iki bakal gawe pitunane wong akeh utawa rakyat. Wong-wong kang culika kaya-kaya ora saya suda nanging malah saya tambah. Sing narik kawigaten, Suparto Brata percaya banget yen seni budaya, utamane sastra, jan-jane bisa gawe manungsa duwe bebuden kang apik. Emane, ngandhani para pemimpin bangsa iki ngengingi pentinge sastra paribasane kaya wong bengok-bengok ing ara-ara kang sepi samun.

Bali marang beban sejarah sing kita sandhang, kita ora mangerteni kapan sejarah sing bener bakal kawiyak. Bisa bae ora bakal dumadi. Sak-obyektif-obyektif-e sejarah, isih tetep subyektif, gumantung sapa sing nulis lan sapa sing kuwasa. Sak-obyektif-obyektif-e sastrawan sing migunakake prastawa sejarah minangka rangkaning crita, uga isih nduweni sudut pandang sing subyektif. Mbokmanawa bangsa iki pancen ora bakal uwal saka beban sejarah. Nanging paling ora, kaya sing penulis babar ing dhuwur, DWC bisa dadi salah sijining cara kanggo ndeleng lan ngrasakake prastawa-prastawa sejarah taun 1965, sadurunge lan sawuse, kanggo ngrasakake ruwet-rentenging manungsa kang kena ‘dampak’ prastawa mau, tumeka dinane iki.

4

DWC: ‘Momentum revitalisasi’ Sastra Jawa?

TEMBUNG ‘revitalisasi’ sing penulis karepake ing kene tegese dudu nguripake maneh sastra Jawa—wong nyatane sastra Jawa ora tau mati; nanging nyegerake, menehi ‘semangat’ anyar. Arep menehi teges ‘renaisans’ kok penulis ora wani, sanajan tembung iki bisa uga nduweni teges mangkono. Ing ‘konteks’ sastra Jawa klasik, istilah ‘renaisans’ iki pancen nate dienggo dening salah sijining ahli saka Walanda, Th. Pigeaud. Kanthi nyuplik Pigeaud, S. Margana, ing bukune kang asesirah Pujangga Jawa dan Bayang-bayang Kolonial (2004: 47-48), mratelakake yen ‘periode renaisans’ iki dening Pigeaud kasebut kanthi istilah ‘restorasi’ nalika jaman kraton Surakarta sawise taun 1745. Ing jaman iki akeh sastra Jawa klasik kang kajarwakake mring basa Jawa anyar (modern) lan uga ciniptane sawetara karya sastra anyar. Soebardi, sawijining ahli liya—mangkono S. Margana mratelakake—negesi ‘renaisans’ ora mung ‘kebangkitan kembali’ sastra Jawa nanging uga sumrambah marang kabudayan Jawa umume. Nanging uga perlu kita cathet yen istilah iki uga nuwuhake ‘pro’ lan ‘kontra’ (keterangan sawutuhe bisa diwaos ing buku kasebut).

Banjur kepriye sastra Jawa saiki? Apa pancen perlu ‘revitalisasi’? Kanggone penulis, wangsulane perlu lan banget. Mesthi bae iki sawijining usulan; ditampa apa ora kuwi gumantung para sastrawan Jawa dhewe amarga para sastrawan sing lelumban ing jagading ‘penciptaan.’ Kena ngapa ‘revitalisasi’ sastra Jawa ana perlune? Kanthi kababare DWC, kita bisa duwe akeh ‘argumentasi.’

Kanggo penulis pribadi, bleger-wadhag buku dadi ‘daya tarik’ sing penting banget. Ndeleng buku sing kandel, kacithak kanthi becik, iki wis bisa nuwuhake rasa kepengin ngerti (curiosity) sing gedhe. Banjur maca sakebet, rong kebet, kok apik, nyenengake; ya wis, tegese buku kuwi ‘enak dibaca dan perlu’ (melu-melu semboyane majalah Tempo). Nalika sepisanan ndeleng blegere DWC, penulis kaya-kaya ora percaya—nanging nyata. Bareng rampung maca, komplit wis rasa marem. Sastra Jawa seger sumyah!

Wis suwe tradisi sastra buku ing sastra Jawa nemahi kahanan stagnant utawa mandheg. Buku-buku sastra Jawa sing kasil penulis waca yen ora mujudake owah-owahan wujud saka crita sambung ya kumpulan cerkak utawa kumpulan geguritan. Golek buku drama seprana-seprene mung oleh siji, Gapit: 4 Naskah Drama Berbahasa Jawa (Bambang Widoyo SP, 1998). Dene novel sing asli novel kang tegese ora tau dipacak minangka crita sambung ing kalawarti bisa dietung nganggo driji—iku bae mung tangan siji, kang tegese arang banget. Mula kanthi kababare DWC, penulis kira iki bisa dadi ‘momentum revitalisasi’ sastra Jawa. Yen ana novel kaya DWC sepuluh iji bae, kahanan sastra Jawa mesthi bakal beda banget saka saiki!

Pepalang pancen isih akeh; sing mesthi, golek penerbit sing gelem nerbitake. Iki pancen angel. Ngaca saka sing dumadi tumrap DWC—sing didhuwiti dhewe dening Suparto Brata—mesthine ora akeh pengarang sastra Jawa sing wani nekad. Nanging bab iki penulis kira tetep ana dalan utawa carane (ing kalodhangan liya penulis kepengin ngrembug perkara iki kanthi mligi). Yen wis kasil terbit, sawijining buku sastra Jawa durung mesthi payu. Mula kita tunggu bae, kepriye ‘nasibe’ DWC. Ning pangirane penulis, yen masyarakat Jawa pancen ngarep-arep anane karya kang saka critane ‘menghibur’ lan penting saka segi isi lan tema-ne, Suparto Brata ora bakal rugi sacara ekonomis sanajan penulis yakin, dudu perkara ekonomi kang dadi tetimbangane pengarange saengga wani nerbitake DWC. Nanging becik kita tunggu kepriye ‘respons’ masyarakat Jawa. Gandheng saiki basa Jawa dadi ‘mata pelajaran wajib’ wiwit SD nganti SMA, mesthine (ing angen-angene penulis) saben perpustakaan SMA (durung ngetung SMP apadene SD) ing Jawa Tengah, Jawa Timur, apadene DIY nduweni novel iki. Yen pancen mangkono, sedhela bae DWC bakal ‘cetak ulang.’

Nanging, sing kepengin penulis tandhesake ing kene, perkara bisa terbit apa ora, payu apa ora mbokmanawa pancen becik dipikir keri. Sing luwih penting, para sastrawan Jawa kudu gumregah mikirake nyipta karya kang temen-temen ‘layak jual.’ Nanging perkara iki pancen ora gampang. Kita kabeh mangerteni, akeh-akehe para sastrawan Jawa anggone padha nyipta sastra (nulis) kuwi mung samben. Iki penulis kira uga mujudake salah sijining ‘hambatan’ kena ngapa tumeka saiki tradisi sastra buku ing sastra Jawa tetep durung katon manjila. Penulis yakin, para sastrawan Jawa mesthi ya padha durung ‘puas’ kanthi nyipta geguritan lan cerkak, mesthi ya padha kepengin nyipta novel (lan drama?). Mula kanthi terbite DWC, kita kabeh bisa oleh tambahan semangat. Kanggone para sastrawan, terbite DWC mesthine bisa ‘memotivasi’ kanggo ngasilake karya kang luwih apik, dene kanggone pembaca menehi grengseng kanggo luwih sregep maca sastra Jawa.

Mula ing wektu-wektu kang bakal teka, becik kita pikirake perkara iki. Pentinge sastra Jawa wis akeh kababar dening para ahli. Suparto Brata dhewe ing DWC ya akeh ngandharake perkara iki. Karo ngupaya kepriye wong Jawa padha seneng maneh maca sastrane dhewe, penulis kira para sastrawan Jawa kudu wiwit cepak-cepak ngupayakake ‘revitalisasi’ karya-karyane. Yen sasuwene iki isih akeh pengarang sing gumantung marang kalawarti (sing ora sepiraa cacahe) kanggo nerbitake karyane, wiwit saiki becik duwe ‘orientasi’ kanggo nerbitake buku. Tegese, perlu mikir-mikir kepriye amrih bisa nyipta novel. Bab wektu sing suwe kanggo nulis novel mesthine ora dadi masalah. Nulis cerkak mbokmanawa bisa sedina rong dina dadi, apa malah mbokmanawa ana sing mung butuh wektu rong jam utawa telum jam. Dene nyipta geguritan, mbokmanawa bisa luwih cepet maneh (ana sawijining panggurit sing tau ngendika marang penulis yen sedina kadhang bisa nyipta geguritan cacah telu, papat, utawa lima). Nanging kanggo nyipta novel? Suparto Brata butuh 22 taun kanggo nyampurnakake DWC! Mesthi bae saben pengarang duwe endurance (‘daya tahan’) lan ‘vitalitas’ dhewe-dhewe. Mbokmanawa ana sing mung butuh wektu setengah taun utawa setaun kanggo ngrampungake novel siji. Kabeh gumantung marang ‘permasalahan’ sing digarap lan wektu longgare saben pengarang.

Perkara penting maneh saka DWC kang bisa kita semak yakuwi ‘pengembangan topik’ crita. Ing kene kita dadi ngerti saiba Suparto Brata mujudake a real story teller, ahli crita sing apik tenan. Kanthi paraga pokok telu, Kasminta, Tukinem, lan Pratinah—sing tetelune wong ndesa, critane bisa dawa ora entek-entek. Nanging crita sing ora entek-entek kuwi mau pranyata ora mung ‘sekedar cerita’ kaya sing wis penulis rembug ing dhuwur. Cakupan utawa realm perkara-perkara sosial, kultural, sejarah, politik bisa dicampur kanggo mujudake crita sing peni kuwi mau. Sepisan maneh keparenga penulis nyuplik andharane Dr. Budi Darma (yen ora kleru ing majalah Horison taun 1980-an—nuwun sewu persise penulis lali) yen salah sijining ‘kelemahan’ sing diduweni pengarang Indonesia kuwi jare ora prigel ‘mengembangkan permasalahan’ kuwi mau. Penulis kira, salah sijining cara sing apik kanggo latihan ya maca crita-crita sing apik, karyane pengarang-pengarang kawentar. Kanthi mangkono, crita-crita sing penulis bayangake ing wektu-wektu kang bakal teka ora mung ngrembug perkara-perkara rumah-tangga utawa kanthi ‘ruang-lingkup’ sak RT utawa sak kalurahan, nanging ngengingi bebrayan agung, mligine Jawa lan Indonesia umume apa malah perkara-perkara donya (global). Lan ‘peluang’ iki pancen ana tur gedhe. Jaman saiki jaman ‘informasi,’ jaman apa bae kang dumadi ing perangan donya ing ngendi bae bisa kita mangerteni kanthi cepet lan ‘akurat.’ Mula kanggo gawe crita mesthi akeh ‘bahan.’ Nuwun sewu, kabeh iki mau usulan; amarga pancen penulis kepengin maca sastra Jawa kaya sastra Indonesia (paling ora) utawa sastra Inggris, sastra Amerika lan liya-liyane.

‘Beban sejarah’ ing bab ‘dunia sastra Jawa’ iki pancen abot. Mataun-taun kita tansah dielingake mbuh dening para panguwasa negara utawa para sesepuh lan pinisepuh bebrayan Jawa bab endah-adi-luhunge sastra klasik karyane para pujangga. Kabeh mau pancen bener, nanging ora perlu ndadekake kita kudu nyipta sastra kaya sastra Jawa klasik. Gelem ora gelem nyatane sastra Jawa modern wis pedhot sesambungan klawan sastra Jawa klasik ing akeh perkara. Mula, tinimbang tansah ‘mengenang kejayaan masa lalu’, ngeling-ngeling jaman semana, luwih becik mikir perkara saiki (sanajan ‘masa lalu’ sastra Jawa tetep penting). Sing ngandhut piwulang ora mung sastra klasik, nanging uga sastra modern. Sing endah edi ora mung sastra klasik, nanging uga sastra modern. Mula yen para pengarang Jawa saiki bisa maneh miwiti sastra buku, piwulang becik kang kinandhut ing karya sastra lan kaendahane bakal luwih gampang diwaca maneh, dieling-eling, didongengake marang anak-putu lan sapanunggalane. Basa Jawa sing apik, becik, lan endah ora mung basa Jawa kuna, nanging uga basa Jawa modern. Penulis percaya, cara mulang basa Jawa sing paling apik marang bocah-bocah lan generasi mudha dudu ana ing njeron ruangan kelas nanging kanthi maca karya-karya sastra kang apik. Mula ing dhuwur penulis nganggep perlu yen saben perpustakaan sekolah ing Jawa Tengah, Jawa Timur lan DIY duwe ‘koleksi’ karya-karya sastra Jawa, ora mung DWC.

Kanthi apa sing penulis aturake ing dhuwur, pentinge ‘revitalisasi’ sastra Jawa pancen kudu dipikir. Ya saiki iki ‘momentum’ sing pas. Yen Suparto Brata bisa nglairake DWC, penulis yakin pengarang Jawa liyane ya bakal bisa. Ing sastra Indonesia, buku-buku sastra sing ‘sak bantal-bantal’ kandele mung kari milih sing endi sing disenengi. Nanging ing sastra Jawa? Kandele buku paling ora nuduhake: ‘daya tahan’ nulis, mbabar apa sing dadi pamikiran lan angen-angen (imajinasi), lan ‘keseriusan.’ Ora ana lupute DWC dadi sawijining milestone, utawa tandha tumuju marang ‘revitalisasi’ sastra Jawa. Perkara bisa terbit apa ora, akeh sing maca apa ora bisa dipikir bareng-bareng, mesthi ana cara. Sing penting krenteg luwih dhisik.

Panutup

APA sing penulis aturake kabeh ing dhuwur bisa dikandhakake miwiti ngudhari utawa ngrembug novel DWC. Tintingan liya marang novel iki mesthi bakal akeh—paling ora kanggo bahan skripsi utawa tesis mahasiswa. Nanging sing luwih penting—kaya sing wis karembug ing dhuwur—yen kanthi terbite DWC iki banjur para pengarang liyane padha melu-melu nerbitake karyane kang kaya mangkene, DWC pancen nggawa berkah kanggo sastra Jawa. Dadi pentinge DWC ora mung amarga saka crita lan isine, nanging bisa ‘membakar’ semangate para pengarang liya kanggo ngasilake karya sastra kang luwih saka pantes diwaca lan diwaca maneh, dieling-eling, lan dibiwarakake marang sapa bae.

Suwalike, yen tumeka mbesuk DWC tetep ngijeni—tegese novel-novel Jawa racake isih panggah kuru-aking tipis-tipis, ya kita tetep kudu nampa yen sastra Jawa pancen anane ya kaya ngono kuwi. Mbokmanawa pancen ora ana sing perlu digelani. Karo maneh, kita wong Jawa rak pancen tansah nrima ing pandum, nampa takdir lan pepesthen. Yen sastra kita pancen kudu ngono, ya piye maneh. Kudu ditampa ta? Yen ana siji loro sing beda, iku dianggep berkah, kanugrahan kanggo kita kabeh: tegese kita wis melu handarbeni. Sumangga.

Pucang Gading, pungkasan Januari – wiwitan Februari 2005

Salam saka Iowa City

Nuwun para kanca,

Nganggo ngoko bae kareben kepenak. Iki nyoba dhisik. Mbuh sesuk-sesuk nulis apa durung ngerti, soale wektu iki durung ana ide. Sing cetha, pepenginan nulis nganggo basa Jawa saiki oleh papan sing mirunggan. Saupama Panjebar Semangat, Djaka Lodang, utawa Jaya Baya wis online, seje maneh critane. Nanging ya ora papa. Iki wis apik. Kanthi blog iki aku lan sapa bae bisa nulis apa bae. Rak ya ngono ta?

Salam saka Iowa City

Hello world!

Welcome to WordPress.com. This is your first post. Edit or delete it and start blogging!